From Wikipedia, the free encyclopedia
Stefanía Fernández Krupij (lair ing Mérida, Venezuela, 4 Sèptèmber 1990; umur 33 taun) inggih punika salah satunggalipun modhèl lan pamenang Miss Universe 2009.[1]
Stefania Fernandez Pamenang gelar kontès kasulistyan | |
---|---|
Pegawéyan: | Modhèl |
Jeneng lair: | Stefanía Fernández Krupij |
Tanggal lair: | 4 September 1990 |
Papan klairan: | Mérida, Venezuela |
Werna mata: | Cokelat |
Werna rambut: | Cokelat |
Werna kulit: | Pethak |
Gelar: | Miss Venezuela 2009 [[Miss Universe 2009]] |
Stefania Fernandez at IMDb |
Fernández punika gadhah trah utawi katurunan Ruslan, Ukraina, Polen, lan Galicia. Ramanipun, José Luis Fernández, miyos ing Galicia, Spanyol, nanging lajeng migrasi dhateng Venezuela nalika taun 1964.[2] Ibunipun Nadia Krupij Holojad, putri salah satunggalipun imigran saking Ruslan ingkang mlajeng saking Ruslan nalika samanten dipunkuwaosi kuminis.[2] Ramanipun Fernández dipunculik nalika taun 2005 ing praja Barinas ngantos gangsal dinten.[3]
Miss Universe 2008 Dayana Mendoza, ugi asalipun saking Venezuela, maringi makutha dhateng Fernández minangka Miss Universe 2009 nalika tanggal 23 Agustus 2009 ing Nassau, Bahama. Punika dados tandha dados sajarah Miss Universe ingkang sepisanan, inggih punika nagara ingkang sami dados menang malih ing taun salajengipun.[4] Paket bebungah ingkang kapérang dados arta, kontrak kanggé mromosikaken Miss Universe sadangunipun satunggal taun, mlampah-mlahpah kliling jagad, satunggal apartemén méwah prestisius gratis beaya sewa ing Kutha New York, bebungah-bebungah ingkang isinipun sepatu-sepatu karyanipun désainer kawentar, busana, lan prodhuk kasulistyan, $AS100.000 kanggé kursus ngantos kalih taun ing Akademi Film New York, lan aksés bébas dhateng griya-griya busana lan kasulistyan kawentar.[5] Fernández gadhah kapinginan nelasaken wekdal jabatanipun minangka miss universe kanthi kliling donya kanggé matur bab isu-isu kamanungsan lan nyurung pendidikan HIV/AIDS.[5]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.