Shogun

From Wikipedia, the free encyclopedia

Shogun

Shogun (将軍 Shōgun?) iku istilah basa Jepang kang tegesé jendral. Sajeroning kontèks sajarah Jepang, yèn karan pejabat shogun mula kang dimaksudkaé ya iku Sei-i Taishōgun (征夷大将軍?) kang tegesé Panglima Paling Dhuwur Pasukan Ekspedisi nglawan Wong Biadab (istilah "Taishōgun" ateges panglima angkatan bersenjata). Sei-i Taishōgun wujud salah siji kalungguhan jendral kang digawé ing sanjabaning sistem Taihō Ritsuryō. Jabatan Sei-i Taishōgun dibusak wiwit Restorasi Meiji. Sanajan mangkono, sajeroning basa Jepang, istilah shōgun kang tegesé jendral sajeroning kamilitèran tetep dipigunakaké tekan saiki.

Thumb
Sei-i Taishōgun Sakanoue no Tamuramaro, lukisan Kikuchi Yōsai

Wiwit jaman Nara tekan jaman Heian, jendral kang dikirim kanggo nelukaké wewengkon pérangan wétan Jepang diarani Sei-i Taishōgun, disingkat shogun. Jabatan kang luwih asor saka Sei-i Taishōgun diarani Seiteki Taishōgun (征狄大将軍 panglima panelukan wong barbar?) lan Seisei Taishōgun (征西大将軍 panglima panelukan wewengkon kulon?). Gelar Sei-i Taishōgun diwènèhaké marang panglima keshogunan (bakufu) wiwit jaman Kamakura tekan jaman Edo. Shogun iku uga pejabat Tōryō (kepala klan samurai) kang diantuki dhedhasar garis keturunan.

Pejabat shogun diangkat mawa préntah kaisar, lan sajeroning praktèké duwé peran minangka kepala papréntahan/panguwasa Jepang. Nagara asing nganggep shogun minangka "raja Jepang", nanging kanthi resmi shogun dipréntah saka pura kaisar, lan dudu panguwasa kang sabeneré. Kakuwasaan paling dhuwur tetep ana ing tangan Kaisar Jepang.

Sajarah

Jaman Nara lan jaman Heian

Zaman Kamakura

Pratélan pejabat Sei-i Taishōgun

Katerangan liyané Nomor, Keshogunan (génerasi) ...
NomorKeshogunan (génerasi)JenengMangsa kalungguhanKaterangan
1Ōtomo no Otomaro793-794?
2Sakanoue no Tamuramaro797-811?
3Fun'ya no Watamaro813-816
-Fujiwara no Tadabumi940Mungel pejabat Sei-tō Taishōgun. Ana wedharan kang silih tetentangan.
4Minamoto no Yoshinaka1184
5Kamakura (1)Minamoto no Yoritomo1192-1199Ana wedharan kang nelakaké Yoritomo ngunduraké dhiri taun 1195
6Kamakura (2)Minamoto no Yoriie1202-1203
7Kamakura (3)Minamoto no Sanetomo1203-1219
8Kamakura (4)Fujiwara no Yoritsune alias Kujō Yoritsune1226-1244
9Kamakura (5)Fujiwara no Yoritsugu1244-1252
10Kamakura (6)Pangéran Munetaka1252-1266Shogun pisanan saka kulawarga kaisar. Putra Kaisar Go-Saga.
11Kamakura (7)Pangéran Koreyasu1266-1289
12Kamakura (8)Pangéran Hisaaki1289-1308Putra Kaisar Go-Fukakusa
13Kamakura (9)Pangéran Morikuni1308-1333
14Pangéran Morinaga1333
15Pangéran Nariyoshi alias Pangéran Narinaga1335-1336
16Muromachi (1)Ashikaga Takauji1338-1358
Pangéran Muneyoshi alias Pangéran Munenaga1352-
17Muromachi (2)Ashikaga Yoshiakira1358-1367
18Muromachi (3)Ashikaga Yoshimitsu1367-1394
19Muromachi (4)Ashikaga Yoshimochi1394-1423
20Muromachi (5)Ashikaga Yoshikazu1423-1425
21Muromachi (6)Ashikaga Yoshinori1429-1441
22Muromachi (7)Ashikaga Yoshikatsu1442-1443
23Muromachi (8)Ashikaga Yoshimasa1449-1473
24Muromachi (9)Ashikaga Yoshihisa1473-1489
25Muromachi (10)Ashikaga Yoshiki1490-1493
26Muromachi (11)Ashikaga Yoshizumi1494-1508
27Muromachi (10)Ashikaga Yoshiki alias Ashikaga Yoshitane1508-1521Panugasan kanggo kaping loroné
28Muromachi (12)Ashikaga Yoshiharu1521-1546
29Muromachi (13)Ashikaga Yoshiteru1546-1565
30Muromachi (14)Ashikaga Yoshihide1568
31Muromachi (15)Ashikaga Yoshiaki1568-1573Sacara formal isih njabat tekan dadi biksu nalika taun 1588
32Edo (1)Tokugawa Ieyasu1603-1605
33Edo (2)Tokugawa Hidetada1605-1623
34Edo (3)Tokugawa Iemitsu1623-1651
35Edo (4)Tokugawa Ietsuna1651-1680
36Edo (5)Tokugawa Tsunayoshi1680-1709年
37Edo (6)Tokugawa Ienobu1709-1712
38Edo (7)Tokugawa Ietsugu1712-1716
39Edo (8)Tokugawa Yoshimune1716-1745
40Edo (9)Tokugawa Ieshige1745-1760
41Edo (10)Tokugawa Ieharu1760-1786
42Edo (11)Tokugawa Ienari1787-1837
43Edo (12)Tokugawa Ieyoshi1837-1853
44Edo (13)Tokugawa Iesada1853-1858
45Edo (14)Tokugawa Iemochi1858-1866
46Edo (15)Tokugawa Yoshinobu1866-1867
Tutup

Pratélan pustaka

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.