Słubice

From Wikipedia, the free encyclopedia

Słubice

Słubice ([swuˈbiʦɛ], Jerman: Dammvorstadt) iku siji kutha kang papané ana ing sisih kuloné Polen ing pinggiring kali Oder. Kutha iki kang ndunungi 25.000 jiwa. Nganti taun 1945, kutha iki pérangan wétan kutha Frankfurt an der Oder (Dammvorstadt, Gartenstadt). Jeneng Słubice iku éjaan basa Polen modhèren kanggo Zliwitz, siji désa kang ingaran ing piagem kutha Frankfurt kang ditulis ing taun 1253.

Katerangan liyané Lambang, Peta ...
Lambang Peta
Thumb
Lambang Słubice
Thumb
Data dhasar
Provinsi:Provinsi Lubusz
Jembar:185 km²
Padunung:25.000 (2008)
Pelat nomer kendaran motor:FSL
Alamat
balé kutha:
ul. Akademicka 1
69-100 Słubice
Situs wèb resmi:www.slubice.pl
Pulitik
Walikutha:Ryszard Bodziacki (2008)
Tutup
Thumb
Słubice, view from Frankfurt (Oder)
Thumb
Pamandhangan saka kreteg kang ngliwati kali Oder saka arah Jerman

Sithik bab kutha iki

Saiki iki ing kutha Słubice ana pos pawatesan (pos wates) kang wigati dhéwé antara Polen lan Jerman kanggo montor lan sepur (ing Kunowice, kutha cilik cedhak kéné). Słubice iku uga Pusat Sains Polen-Jerman Collegium Polonicum. Para tamu saka Jerman, mligi saka Frankfurt an der Oder, kutha-kutha liyané ing Brandenburg, lan Berlin seneng marani Basar ("Pasar Polen") lan nukoni rokok kang luwih murah nèng kana (ing dalan ul. Jedności Robotniczej). Nanging para "wisatawan bènsin" uga faktor penunjang ékonomi lokal kang wigati. Saliyané iku prostitusi uga nunjang ékonomi lokal. Akèh bordhil ing kana kang diparani para wisatawan Jerman.

Gmina

Tlatah munisipal (Gmina) Słubice ambané ana kurang luwih 185 km² lan kang ndunungi ana 19.106 jiwa. Ing tlatah iki kalebu antarané:

  • Golice (Gohlitz)
  • Kunice (Kunitz)
  • Kunowice (Kunersdorf), ing kéné ing 12 Agustus 1759 ana Gègèran ing Kunersdorf.
  • Lisów (Leißow)
  • Nowe Biskupice (Neu Bischofsee)
  • Nowy Lubusz (Neu Lebus)
  • Rybocice (Reipzig)
  • Słubice (Frankfurt(Oder)-Dammvorstadt)
  • Świecko (Schwetig)
  • Drzecin (Trettin)

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.