Raphaël Varane
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Raphaël Varane (lair ing Lille, 25 April 1993; umur 31 taun) inggih punika juru main bal-balan Perancis ingkang samenika main ing klub Real Madrid CF lan Tim Nasional Prancis minangka bèg tengah utawi gelandhang.[3] Varane naté main ing klub Prancis Lens ing mangsa 2010-2011, wiwit latian kaliyan tim senior lan dados juru main cadhangan ing sawetawis pertandhingan liga.[4] Tanggal 7 Novèmber 2010, Varane ngayahi debut profésionalipun ing pertandhingan liga mungsuh Montpellier. Miturut pelatih Lens Eric Assadourian, Varane dipunsebat minangka juru main bal kualitas setunggal ingkang winasis ing lèvel taktis lan tèknis.[4] Ing wulan Januari 2014, Varane pikantuk bebingah minangka salah setunggal saking sedasa juru main enèm ingkang saé piyambak ing Èropah.[5]
Remove ads
Remove ads
Pranala njawi
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads