Kanayakan Perlindhungan Naradaya Migran Indonésia/ Badan Perlindhungan Naradaya Migran Indonésia (dahulu Badan Nasional Penempatan lan Perlindungan Tenaga Kerja Indonésia) (utawi ingkang asring dipuncekak BP2MI) inggih punika salah satunggaling Lembaga pamaréntah Non Departemen ing Indonésia ingkang gadhah fungsi kanggé nindakaken kawicaksanan ing babagan nempataken Tenaga Kerja Indonésia lan nglindhungi TKI ing manca nagari kanthi sampun wonten koordinasi lan keintegrasi. Lembaga punika dipunbentuk dhedhasar Peraturan Présidhèn Nomor 81 Tahun 2006. Tugas ingkang baku saking BP2MI inggih punika kados makaten:
- nempataken TKI saking dhasa wontenipun serat kekancingan ingkang sampun kaserat ing antawisipun pamaréntah kaliyan pamaréntah nagara pengguna TKI utawi pengguna ingkang wonten badan hukumipun ing nagara tujuan penempatan
- paring layanan, nindakaken koordinasi lan paring pengawasan ngengingi dhokumen, pembekalan akir pemberangkatan (PAP); ngrampungaken wontenipun prakawis; sumber-sumber beya; wiwit bidhal ngantos konduripun; ningkataken kualitas calon TKI; informasi; kualitas pelaksana anggènipun nempataken TKI; lan nigkataken kasejahteran kanggé TKI lan kulawarganipun.
Kementerian Pelindungan Pekerja Migran Indonesia[1] | |
Informasi Kanayakan | |
---|---|
Dipunbentuk | 9 Sèptèmber 2006 (Badan Nasional Penempatan lan Perlindungan Naradaya Indonésia)[2] 30 Dhésèmber 2019 (Badan Perlindhungan Naradaya Migran Indonésia)[3] 20 Oktober 2024 (Kanayakan Pelindhungan Naradaya Migran Indonésia/BP2MI)[1] |
Wewengkon Ukum | Pamaréntah Indonésia |
Kantor pusat | Jalan MT Haryono Kav 52, Pancoran, Jakarta Kidul 12770, Jakartah, Indonésia |
Mantri |
|
Wakil Mantri |
|
Kanayakan induk | Kanayakan Larasgawé Babagan Pindayaning Bebrayan |
Jaringsana | www |
Keanggotaanipun wonten ing BNP2TKI kapérang dados wakil-wakil instansi pamaréntah ingkang wonten gegayutanipun. Kangge nindakaken tugasipun, BNP2TKI saged nyuwun pambiyantunipun saking tenaga-tenaga profésional.
Visi lan Misi
Visi
mujudaken TKI ingkang kualitasipun saé, gadhah martabat, lan kompetitif.[4]
Misi
- Nyiptakaken wontenipun kalodhangan kerja ing manca nagari kanthi sak ageng-agengipun.
- Ningkataken kaprigelan utawi kualitas lan layanan kanggé mapanaken TKI.
- Ningkataken pengamanan, perlindhungan lan pemberdayaan TKI.
- Ningkataken kapasitas lembaga kanggé mapanaken lan nglindhungi TKI.
- Ningkataken kapasitas lembaga kanggé njurung sarana lan prasarana Lembaga Pendhidhikan lan Keséhatan.
Strukutur Organisasi
Struktur organisasi wonten ing BP2MI kapérang dados makaten:[5]
- Mantri/Kepala
- Wakil manteri/Wakil Kepala
- Sekretariat Jéndral
- Inspektorat Jéndral
- Direktorat Jéndral Promosi dan Pemanfaatan Peluang Kerja Luar Negeri
- Direktorat Jéndral Penempatan
- Direktorat Jéndral Pelindungan
- Direktorat Jéndral Pemberdayaan
- Staf Ahli Babagan Transformasi Digital
- Staf Ahli Babagan Hubungan Antar Lembaga
Pimpinan
- Pratélan Kepala
No. | Jeneng | Wiwit | Nganti | Ket. |
---|---|---|---|---|
1 | Mohammad Jumhur Hidayat | 11 Januari 2007 | 11 Maret 2014 | |
2 | Gatot Abdullah Mansyur | 19 Maret 2014 | 27 Novèmber 2014 | |
3 | Nusron Wahid | 27 Novèmber 2014 | 20 Oktober 2019 | |
Tatang Budie Utama Raza | 20 Oktober 2019 | 15 April 2020 | [Ket. 1] | |
4 | Benny Rhamdani | 15 April 2020 | 21 Oktober 2024 | |
5 | Abdul Kadir Karding | 21 Oktober 2024 | Saiki | [Ket. 2] |
- Pratélan Mantri
No. | Foto | Jeneng | Kabinèt | Masa Jabatan | Ket. | |
---|---|---|---|---|---|---|
Wiwit | Nganti | |||||
1 | Abdul Kadir Karding | Abang Putih | 21 Oktober 2024 | Saiki | [Ket. 3] |
- Katrangan
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.