Prasasti Tugu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prasasti Tugu iku salah siji prasasti sing asalé saka Karajan Tarumanagara. Prasasti mau isiné nerangaké agawé Kali Candrabaga déning Rajadirajaguru lan gawé Kali Gomati déning Purnawarman ing taun angka 22 mangsa papréntahané. Penggalian kali mau minangka gagasan kanggo ngéndhani bencana alam wujud banjir sing kerep kadadéan ing mangsa papréntahan Purnawarman, lan kurang banyu ing mangsa katiga.

Lokasi
Prasasti Tugu tinemu ing kampung Batutumbuh, désa Tugu, persisé ing koordinat 0°06’34,05” BT lan 6°07’45,40”LS sing saiki dadi tlatah kalurahan Tugu Kidul, kacamatan Koja, Jakarta Lor
Tèks:
pura rajadhirajena guruna pinabahuna khata khyatam purim prapya candrabhagarnnavam yayau//
pravarddhamane dvavingsad vatsare sri gunau jasa narendradhvajabhutena srimata purnavarmmana//
prarabhya phalguna mase khata krsnastami tithau caitra sukla trayodasyam dinais siddhaikavingsakaih
ayata satsahasrena dhanusamsasatena ca dvavingsena nadi ramya gomati nirmalodaka//
pitamahasya rajarser vvidaryya sibiravanim brahmanair ggo sahasrena prayati krtadaksina//
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.