Politèknik utawa kerep dipadhakaké karo institut tèknologi iku jeneng kang dianggo ing institusi pendhidhikan kang mènèhi manéka jinis sesebutan lan kerep beroperasi ing tataran kang béda-béda sajeroning sistem pendhidhikan. Politèknik bisa minangka institusi pendhidhikan dhuwur lan tèknik lanjutan sarta panelitèn èlmiah misuwur ing donya utawa pendhidhikan vokasi profèsional, kang duwé spésialiasi sajeroning babagan èlmu kawruh, tèknik, lan tèknologi utawa jurusan-jurusan tèknis kang béda jinis. Istilah mau uga bisa tegesé sekolah pendhidhikan menengah kang fokus marang pelatihan vokasional.

Politèknik Institut Makau

Istilah politèknik asal saka basa Yunani πολύ (polú utawa polý) kang tegesé "akèh" lan τεχνικός (tekhnikós) kang tegesé "seni". Istilah institut tèknologi, kanggo bagéané, kerep dicekak IT; istilah iki béda karo istilah tèknologi informasi.

Sanajan istilah politèknik lan institut tèknologi minangka sinonim, préferènsi panggunaané béda antara siji nagara lan sijiné.

Politèknik ing Indonésia

Politèknik sajeroning pendhidhikan ing Indonésia iku wangun pawiyatan luhur saliyané akadhemi, institut, sekolah tinggi, lan universitas. Politèknik nyelenggarakaké pendhidhikan vokasi ing babagan kawruh mligi.[1][2]

Sajeroning posisiné minangka paguron dhuwur, politèknik dadi péranganing sistem pendhidhikan nasional kang tujuané nyiapaké mahasiswa dadi anggota masarakat kang duwé kamampuan profèsional kang bisa matrapaké, ngembangaké, lan nyebar èlmu kawruh lan tèknologi sarta ngupayakaké panggunaané kanggo ngundhakaké taraf kauripan masarakat lan kasajahtran umat manungsa sarta kabudayan nasional.

Politèknik minangka pendhidhikan profèsional kang diarahaké marang kesiapan panrapan keahlian tinamtu. Kanggo nggayuh angkah mau, politèknik mènèhi pengalaman sinau lan latihan kang cukup kanggo mbentuk kemampuan profèsional di babagan èlmu kawruh lan tèknologi.[3]

Rujukan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.