From Wikipedia, the free encyclopedia
Péta yaiku gambaran lumahing bumi ing babagan dhatar kanthi skala tartemtu lumantar siji sistem proyèksi. Péta bisa disuguhaké sajeroning pirang-pirang cara kang béda, wiwit saka péta konvènsional kang kacithak nganti péta digital kang tampil ing layar komputer. Istilah péta asalé saka basa Yunani mappa kang ateges taplak utawa kain panutup méja. Nanging kanthi umum pangerten peta yaiku lembaran sekabèhing utawa sapérangan lumahing bumi ing babagan dhatar kang dicilikaké kanthi nggunakaké skala tartemtu. Sawijining peta yaiku represèntasi 2 dhimènsi saka siji ruwang 3 dhimènsi. Èlmu kang nyinanoni panggawéyan peta diarani kartografi. Akèh péta duwé skala, kang nemtokake sepira gedhéné objèk ing péta sajeroning kaanan kang sabeneré. Kumpulan saka sapérangan péta diarani atlas.
Péta yaiku piranti bantu sajeroning mènèhi siji informasi karuwangan. Adhedhasar fungsi mau mula siji péta prayogané dipepaki karo manéka warna komponèn/unsur kalengkapan kang duwé ancas kanggo nggampangaké pangguna sajeroning maca/nggunakaké péta. Sapérangan komponén kalengkapan péta kang kanthi umum akèh tinemu ing péta yaiku:
Nuduhake isi lan tipe péta. Panulisan irah-irahan lumrahé ing pérangan dhuwur tengah, dhuwur tengen, utawa ngisor. Sanajan kaya mangkono, sabisané didèlèh ing tengen dhuwur.
Legéndha yaiku katrangan saka simbul-simbul kang minangka kunci kanggo mahami péta.
Padatan, sisih lor dituduhaké kanthi tandha panah ing sisih dhuwur péta. Dunungé ing panggonan kang cocog yèn ana garis lintang lan bujur, koordinat bisa minangka panuduh arah.
Skala yaiku perbandhingan jarak ing péta karo jarak sabeneré ing lapangan. Skala katulis sangisoré irah-irahan péta, ing jaba garis pinggir, utawa ing ngisor legéndha. Skala kapérang dadi 3, yaiku:
Simbul péta yaiku tandha utawa gambar kang makili kenampakan kang ana lumahing bumi kang ana ing péta kenampakané, jinis-jinis simbul péta ing antarané:
Werna péta minangka mbédakaké kenampakan utawa obyèk ing lumahing bumi, ménéhi kualitas utawa kuantitas simbul ing péta, lan kanggo keperluan éstetika péta. Werna simbul sajeroning péta ana 8 warna, yaiku:
Werna ijo nuduhaké siji laladan kang dhuwuré kurang saka 200 m. Lumrahé wujud rai bumi kang dhuwuré < 200 m didominasi déning dataran endhék. Dhataran endhék ing Jawa ana ing sadawaning sagara lor lan sagara kidul.
Warna ijo nom nuduhaké siji laladan kang dhuwuré antarané 200–400 m ing dhuwur lumahing sagara. Wujud rai bumi kang ana ing laladan iki wujud laladan kang landai lan bentuk-bentuk rai buminé bergelombang lan bukit. Panyebaran wujud rai iki mèh rata ing dhuwur dhataran endhèk.
Werna kuning nuduhaké siji laladan kang dhuwuré antarané 500–1000 m ing dhuwur lumahing sagara. Wujud rai bumi kang ana ing laladan iki didominasi déning dhataran dhuwur lan perbukitan lan pagunungan endhèk. Panyebaran saka wujud rai bumi iki ana ing pérangan pinggir-tengah saka Provinsi Jawa Tengah lan paling amba ing sisih kidul-wétan Kabupatèn Sukoharjo.
Warna soklat nom nuduhaké laladan kang dhuwuré antarané 1000–1500 m ing dhuwur lumahing banyu sagara. Wujud rai bumi kang dominan ing laladan iki wujud pagunungan sedheng lan gunung-gunung kang cendhèk. Panyebaran saka wujud rai iki ana ing pérangan tengah saka Jawa Tengah, kaya ta ing saubengé Bumiayu, Banjarnegara, Temanggung, Wonosobo, Salatiga, lan Tawangmangu.
Werna soklat nuduhake laladan kang dhuwure punjul 1500 m ing dhuwur lumahing banyu sagara. Wujud rai bumi ing laladan iki didominasi gunung-gunung kang dhuwur-dhuwur. Panyebaran saka gunung-gunung mau akèh-akèhé ing pérangan tengah saka Jawa Tengah.
Werna biru nuduhaké warna kenampakan banyunan. Werna biru semu putih nuduhaké wewengkon banyonan kang jeroné kurang saka 200 m. Wujud rai bumi dhasar sagara ing wewengkon iki didominasi wujud pèrèng kang relatif landai. Zona ing wewengkon iki diarani zona neritik. Panyebaran saka zona iki ana ing kiwa-tengené sagara. Ing wewengkon banyonan dharat warna iki nuduhaké telaga utawa rawa. Ing Wanagiri ana Wadhuk Gajahmungkur, ing Bawèn ana Rawapening, ing kiwa-tengené Kebumèn ana wadhuk Wadhaslintang lan Sempor.
Werna biru nom nuduhaké wewengkon banyunan sagara kang jeroné antarané 200–2000 m. Wujud rai bumi dhasar sagara ing wewengkon iki didominasi déning bentukan pèrèng kang relatif terjal. Wewengkon iki minangka candhaké zona neritik. Nanging wewengkon iki ora kagambar sajeroning péta umum.
Werna biru tuwa nuduhaké wewengkon banyunan sagara kang jerone punjul 2000 m. Wujud rai bumi dhasar sagara ing saubengé Pulo Bali jerone > 2000 m angèl tinemu lan ora bisa diinterprèstasèkaké saka péta. Nanging lumrahé wujud rai bumi ing sagara jero bisa wujud dhataran, lubuk sagara, drempel, lan palung sagara. Wujud rai bumi kaya iki uga ora kagambar sajeroning peta umum.
Lettering duwé fungsi kanggo ngandelaké teges saka simbul-simbul kang ana. Jinis-jinis nggunakaké lettering:
Garis astronomis kasusun saka garis lintang lan garis ujur kang minangka nuduhaké siji panggonan utawa wewengkon kang diwangun kanthi béda arah siji lan sijiné saéngga mbentuk véktor kang nuduhaké panggonan astronomis.
Inset yaiku péta cilik kang diseselaké ing peta utama. Macem-macem inset ing antarané:
Garis pinggir péta yaiku garis kanggo matesi ruwang péta lan kanggo ndèlèh garis astronomis, kanthi runtut lan bener ing péta.
Sumber péta yaiku réferènsi saka ngendi dhata péta.
Péta diklompokaké dadi 5 pérangan, yaiku:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.