Pangéran Benawa ya iku sultan katiga iya panguwasa kang pungkasan ing Kasultanan Pajang. Dhèwèké mréntah wiwit taun 1586 nganti 1587 lan nyandhang gelar Sultan Prabuwijaya.[1]

Artikel punika isinipun ngéngingi Pangéran Benawa. Kanggé Benawa sanèsipun pirsani Benawa (disambiguasi)

Pajang

Sawisé Sultan Hadiwijaya tilar donya, kanthi dibiyantu déning Sunan Kudus, Arya Pangiri jumeneng nata ing Pajang. Pangéran Benawa disingkiraké dadi Adipati Jipang. Pangéran Benawa bisa nyingkiraké Arya Pangiri kanthi pambiyantune Sutawijaya.

Nalika Pajang kalah pamor katimbang Mataram, Pangéran Benawa mutusaké lèngsèr keprabon. Kraton Pajang banjur dipindah menyang Mataram, lan Sutawijaya jumeneng nata wiwit taun 1588 kanthi nyandang gelar Panembahan Senapati. Tlatah Pajang dadi bawahané Mataram lan dikuwasani déning Pangéran Gagak Baning, adhiné Sutawijaya.

Sawisé iku ora cetha nasibé Pangéran Benawa, nanging ana uga babad kang nyritakaké yèn dhèwèké lunga meyang kidul lan mimpin tlatah pamukiman ing cedhaké Pemalang nganti sédané.[2]

Carita rékan

Pangéran Benawa asring digambaraké sekti mandraguna ing sawatara carita rékan lan kethoprak, ing antarané:

  • Api di Bukit Menoreh

Rujukan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.