Oscar dos Santos Emboaba Júnior

From Wikipedia, the free encyclopedia

Oscar dos Santos Emboaba Júnior
Remove ads

Oscar dos Santos Emboaba Júnior (lair ing Americana, São Paulo, Brasil, 9 Sèptèmber 1991; umur 33 taun), utawa kondhang minangka Oscar, salah sijining juru main bal-balan sing asalé Brasil sing main kanggo klub Liga Primer Inggris Chelsea lan Brasil. Panjenengané biyasa main minangka glandhang serang lan bisa uga main minangka glandhang sayap.

Sunyata Rikat Katrangan priangga, Jeneng dawa ...
Remove ads

Oscar miwiti karir bal-balan ing akademi bal-balan União Barbarense salanjuté gabung ing akademi bal-balan São Paulo tekan kasil lumebu tim utama. Ing taun 2010, panjenengané gabung ing Internacional sawisé ngalami masalah kontrak karo São Paulo. Sawisé rong taun main kanggo Internacional, Oscar gabung ing Chelsea wulan Juli 2012.

Oscar wés main kanggo timnas Brasil saka timnas U-15 tekan U-20. Panjenengané kasil éntuk gelar juara Piala Donya U-20 FIFA ing taun 2011. Panjenengané tampil sing kapisan kanggo timnas senior Brasil ing wulan September 2011.

Remove ads

Karir klub

Internacional

Oscar gabung Internacional sawisé ana masalah kontrak karo mantan klubé São Paulo, kanthi agen Oscar ngeklaim manawa klub durung mbayar gaji Oscar sing wés dijanjekaké. Akibaté, perwakilan Oscar ngendika manawa kontraké karo São Paulo batal kanggo hukum lan Oscar gabung Internacional minangka agen bébas. São Paulo terus ngeklaim manawa Oscar milik klub iku lan ngajukaké banding hukum sing bakal nyegah Oscar main kanggo Inter ing jang wigati Copa Libertadores. Akhiré perlengkapan sadurungé karampungan disepakati antara São Paulo lan Internacional ing 30 Mèi 2012.

Chelsea

Ing tanggal 16 Juli 2012, Chelsea dilaporaké wés éntuk kesepakatan karo Internacional kanggo biaya transfer Oscar. Tanggal 21 Juli 2012, Oscar diberitakaké manawa wés nglakoni pameriksaan medis karo Chelsea, nanging isih nunggu tekan Olimpiade London 2012 rampung kanggo néntukaké nasibé.[2] Nanging, tanggal 25 Juli 2012, sadurungé Olimpiade diwiwiti, Chelsea mbiwara ing situs resminé manawa prosès transfer Oscar wes rampung.[1][3] Dilaporkan biaya transfernya sebesar £25 juta dan ia menandatangani kontrak berdurasi lima taun.[4] Oscar diwènèhi kaus kostum nomer geger 11 sing sadurungé dinggo Didier Drogba.[5]

Tanggal 19 Agustus 2012, Oscar nggawé debut kanggo Chelsea nalika lumebu minangka juru main pengganti nggantekaké Eden Hazard ing laga pambuka mangsa 2012–13 ngadepi Wigan Athletic.[6] Ing tetandhingan salanjuté, ing kemenangan kandang 4–2 karo Reading, 22 Agustus 2012, Oscar lumebu minangka juru main pangganti nggantekaké Ramires.[7] Panjenengané bali main minangka juru main pangganti nalika kalah 1–4 saka Atlético Madrid ing ajang Piala Super UEFA 2012.[8]

Remove ads

Prestasi

São Paulo
  • Campeonato Brasileiro Série A (1): 2008
Internacional
  • Campeonato Gaúcho (2): 2011, 2012
  • Recopa Sudamericana (1): 2011
Timnas Brasil

Réferènsi

Pranala njaba

Loading content...
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads