From Wikipedia, the free encyclopedia
Menara Pisa (Basa Italia: Torre pendente di Pisa utawa dicekak Torre di Pisa) ya iku campanile utawa menara loncèng katedral ing kutha Pisa, Italia.[1] Saben pelancong sing menyang Italia ora lali nekani menara miring “Pisa” sing wis misuwur ing donya.[2] Menara iku digawé saka marmer, yasan iku duwé jeneng Campanile kanggo nggantungaké jam gréja [butuh sitiran] Wangunan kang awujud segi lima iku digawé taun 1174.[2] Ora suwé menara iku dibangun pondasiné ambles ing jero lemah lan miring 4,2 mèter saka garis tengahé.[3] Satus taun sawisé taun 1274, ana arsitek nambahi patang ruangan manèh gawé ngimbangi kemiringane. Nanging gandhèng majuné jaman, yasan iku saya miring lan bisa dideleng nyata.[2] Dhuwuré menara iki ya iku 55,86 m saka lumah tanah paling endèk lan 56,70 m saka lumah tanah paling dhuwur. Ambanè témbok ing ngisoré tekan 4,09 m lan ing puncak 2,48 m. Bobote kira-kira tekan 14.500 ton. Menara Pisa duwé 294 anak undhak-undhakan.[2]
Menara Pisa | |
---|---|
Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
Jinis | Budaya |
Wewaton | i, ii, iv, vi |
Rujukan | 395 |
Tlatah UNESCO | Amérika Lor lan Èropah |
Sujarah prasasti | |
Prasasti | 1987 (Sési ke-15) |
Menara Pisa kang megah lan éndah iku duwé pilar-pilar akèh, kori gerbang setengah bunder lan frescone(rerenggan témbok) kang serasi uga kaca warna ing jero jendhéla sing pancèn agawé narik kawigatèné para pelancong.[1] Ing jero ruangan Katedral iku kagantung lampu lan rerenggan papat patung widadari cilik.[3] Lan sing paling apik ya iku pajangan sing obah-obah dhéwé kang awujud dolanan pot-pot bunder lonjong lan lancip ing ngisore.[3]
Pembangunan menara iki ana telung tahap ing wektu 200 taun. Pembangunan lantai siji saka campanile sing saka watu marmer putih dimulai saka 9 Agustus 2001.[4] Lantai siji dikupengi cagak sing ngarah miring marang lengkungan kerai.[4]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.