Kokalukuna iku kacamatan ing Kutha Bau-Bau, Sulawesi Kidul-Wétan, Indonésia. Kacamatan Kokalukuna, minangka pemekaran saka Kacamatan Bungi lan diadegaké miturut Peraturan Laladan Kutha Bau-Bau Nomer 2 Tahun 2006 tanggal 30 Mèi 2006.
Géografi
Kokalukuna, kanthi géografis dumunung ing sisih kidul garis khatulistiwa antarané 05°18'-05°22' Lintang kidul lan antara 122°36'-122°44' Bujur wétan lan duwé wewengkon sing jembaré 9,44 km² utawa 4,27% saka total jembar Kutha Bau-Bau.
Wates Wewengkon
- Lor: Kacamatan Bungi, Bau-Bau
- Wétan: Kacamatan Sorawolio, Bau-Bau
- Kidul: Kacamatan Wolio, Bau-Bau
- Kulon: Selat Buton
Pamaréntahan
Wewengkon Kacamatan Kokalukuna dipérang dadi 5 (limang) kalurahan ya iku:
- Kodolomoko jembar wewengkon 0,92 km²
- Waruruma jembar wewengkon 2,49 km²
- Lakologou jembar wewengkon 4,99 km²
- Liwuto jembar wewengkon 0,52 km²
- Sukanaeyo jembar wewengkon 0,52 km²
Dhémografi
Cacahing sing ndunungi Kacamatan Kokalukuna ing taun 2006 ya iku 15.101 jiwa utawa 12,34% saka cacahing sing ndunungi Kutha Bau-Bau.
Pendhidhikan
Ing taun 2006, ing wewengkon Kacamatan Kokalukuna ana 2 SLTP nagari kanthi 68 guru lan 291 murid, 11 SD ya iku 10 nagari lan 1 swasta kanthi 142 guru lan 2.355 murid lan 7 TK swasta kanthi 36 guru lan 256 murid.
Artikel kacamatan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Wikiwand in your browser!
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.