Tempo iku sawijining kalawarti pawarta minggon Indonésia sing lumrahé ngliput warta lan pulitik. Tempo wujud kalawarti pisanan sing ora duwé afiliasi karo pamaréntah. Tempo diterbitaké déning PT Tempo Inti Media Tbk.

Sunyata Rikat Kategori, Frekuensi ...
Tempo
Thumb
Kalawarti Tempo
KategoriAktualitas, Pulitik
FrekuensiMinggon
Oplah300.000 (2010)[1]
PenerbitPT Tempo Inti Media Tbk,
Terbit sepindhahan6 Maret 1971[2]
NegaraIndonésia
Berpusat diJakarta
BahasaBasa Indonesia
Situs webmajalah.tempo.co.
ISSN0126-4273
Tutup

Èdhisi sepisanan Tempo diterbitaké nalika tanggal 6 Maret 1971 kanthi Goenawan Mohamad minangka Pamimpin Rédhaksi. Terbité Tempo mau ora bisa uwal saka peran Harjoko Trisnadi, Fikri Jufri, Lukman Setiawan, lan Bur Rasuanto sing banjur dianggep "pangadeg".[3] Kalawarti iki tau dilarang déning pamaréntah nalika taun 1982 lan 21 Juni 1994[4] lan di dol manèh nalika tanggal 6 Oktober 1998. Tempo uga nerbitaké kalawarti èdhisi basa Inggris wiwit 12 September 2000 sing jenengé Tempo English Edition lan nalika tanggal 2 April 2001 Tempo uga nerbitaké Koran Tempo[4].

Palarangan terbit kalawarti Tempo taun 1994 (bebarengan karo Kalawarti Editor lan Tabloid Detik, ora tau cetha panyebabé. Nanging akèh wong yakin yèn Mantri Panerangan wektu iku, Harmoko, nyabut Layang Idin Usaha Panerbitan Pers (SIUPP) Tempo amarga lapuran kalawarti iki babagan impor kapal perang saka Jerman. Lapuran iki dianggep mbebayani "stabilitas nagara". Lapuran utama mbahas kabotan pihak militèr marang impor déning Menristek B.J. Habibie. Saklompok wartawan sing cuwa marang sikap Persatuan Wartawan Indonesia (PWI) sing nyarujuki pambrèdhèlan Tempo, Editor, lan Detik, banjur madegaké Aliansi Jurnalis Independen (AJI).

Réferènsi

Buku

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.