Kabupatèn Tangerang iku kabupatèn ing Provinsi Banten, pernahé ing sisih kulon Pulo Jawa, Kutha Tiga Raksa iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané: Balaraja lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.110 km². Gandhèng karo anané pamekaran wewengkon, sawatara kacamatan ing Kabupatèn Tangerang sabanjuré lumebu wewengkon Kutha Tangerang Kidul. Kacamatan-kacamatan sing ilang saka wewengkon Kabupatèn Tangerang yaiku: kacamatan Ciputat, kacamatan Pamulang, kacamatan Pondok Aren lan kacamatan Serpong.

Kabupatèn Tangerang
Thumb
Lambang Tangerang
Sesanti: "Satya Karya Kerta Raharja"
Barkas:Locator kabupatèn tangerang.png
Dina Dadi:...
Kutha krajan:Tiga Raksa
Bupati:
Wakil Bupati:
Jembar
 -Total:

1.110 km²
Kacamatan
 -Cacahe:

26 Kacamatan
Padunung
 -Total:
 -Kapadhetan:

+/-3.187.000 (2003)
+/-2.870 jiwa/km²
Suku Bangsa:Wong Batawi, Wong Sundha, Wong Jawa
Agama: Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda
Basa: Basa Batawi, Basa Sundha lan Basa Indonésia

Géografi

Thumb
Péta Kabupatèn Tangerang

Kabupatèn tangerang dumunung ing koordinat géografi: 6°00’-6°00-6°20’ Lintang kidul lan 106°20’-106°43’ Bujur wétan

Sapérangan gedhé wewengkon Tangerang wujud dhataran cendhèk. Kali Cisadane, kali sing paling dawa ing Tangerang, mili saka kidul lan sungapané ing Sagara Jawa.

Tangerang minangka wewengkon perkembangan Jakarta. Lumrahé, Kabupatèn Tangerang bisa diklompokaké dadi rong wewengkon pertumbuhan, yaiku:

  • Pusat Pertumbuhan Balaraja lan Tigaraksa, dumunung ing sisih kulon, difokusaké minangka laladan sentra indhustri, permukiman, lan punjer papréntahan.
  • Pusat Pertumbuhan Teluk Naga, dumunung ing sisih pasisir, ngutamakaké indhustri pariwisata alam lan bahari, indhustri maritim, perikanan, pertambakan, lan palabuhan.

Padunung

Miturut asil pencacahan Sensus Penduduk 2010, gunggung sing ndunungi Kabupatèn Tangerang ana 2.838.621 jiwa, dumadi saka 1.454.914 lanang lan 1.383.707 wadon. Asil SP2010 mau nuduhaké yèn panyebaran sing ndunungi Kabupatèn Tangerang isih bertumpu ing Kacamatan Pasarkemis yaiku 8,34 persèn, sabanjuré Kacamatan Cikupa 7,94 persèn, Kacamatan Kelapa Dua 6,43 persèn lan kacamatan liyané sangisoré 5 persèn[1].

Papréntahan

Kabupatèn Tangerang katata sajeroning 36 kacamatan, 77 kalurahan lan 251 désa[2]. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Tangerang yaiku:

Réferènsi

Deleng uga

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.