From Wikipedia, the free encyclopedia
Joglo iku salah siji wangun omah tradhisional ing Jawa Tengah. Saliyané joglo ing Jawa Tengah uga ana wangun omah limas. Omah Joglo duwèni ciri kang khas ya iku payone kang dhuwur. Ing jaman saiki wis arang banget tinemu omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki. Lumrahé omah joglo iku ana gebyogé kanggo pepaès. Omah Joglo dumadi saka rong pérangan utama ya iku Pendhapa lan dalem. Pérangan pendhapa wujud pérangan ngarep sing duwé ruangan jembar tanpa sekat-sekat, racaké dipigunakaké kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kulawarga. Pérangan dalem minangka pérangan jero omah wujud ruangan kamar lan ruangan liya sing sipaté luwih pribadi. Ciri-ciri yasan joglo ya iku pérangan payon pendhapané dhuwur kaya gunung.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.