Holland Kidul

From Wikipedia, the free encyclopedia

Holland Kidul

Holland Kidul utawa Zuid-Holland ing basa Walanda iku propinsi ing Walanda. Kutha krajané yaiku Den Haag. Tlatah iki kalebu salah sawijining tlatah sing padhet dhéwé sadonya. Provinsi iki jembaré 3403 km2 lan sing ndunungi cacahé 3.502.595 jiwa (30 November 2009), déné Holland Kidul iku propinsi sing gedhé dhéwé miturut cacahé sing ndunungi sa-Walanda. Kutha sing gedhé dhéwé iku Rotterdam. Holland Kidul wewatesan karo Zeeland ing sisih kidul, Holland Lor ing sisih lor, Brabant Lor ing sisih kidul-wétan. Sadurungé taun 1840, Holland Lor lan Kidul iki siji propinsi lan jenengé Holland. Ing sisih kulon Holland Kidul wewatesan karo Sagara Lor.

Katerangan liyané Katrangan cekak ...
Provincie Zuid-Holland
Provinsi Holland Kidul
Thumb Thumb
Gendéra Holland Kidul Lambang Holland Kidul
Thumb

Holland Kidul ing Walanda

Katrangan cekak
Kutha krajanDen Haag
Jembar:

 - Lemah
 - Banyu


... km²
... km²

Padunung

 - Cacah
 - Kapadhetan


3.502.595 jiwa (30 November 2009)
.../km²

Gemeente 60
Babagan administratif

Thumb
Tutup

Holland Kidul iku wiwit 2015 dipérang dadi 60 gemeente.

Pranala njaba


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.