wakil presidhèn Républik Indhonésiya ka-2 From Wikipedia, the free encyclopedia
Dr.(H.C.) Drs. H. Mohammad Hatta (lair ing Bukittinggi, 12 Agustus 1902 – pati ing Jakarta, 14 Maret 1980 ing umur 77 taun) inggih punika salah sawijining pejuang, nagarawan, lan pahlawan nasional wonten ing Indonésia.[1] Mohammad Hatta inggih dados wakil présidhèn kang kapisan wonten ing Indonésia.[2] Mohammad Hatta gadhah asma ingkang misuwur ing bebrayan inggih punika Bung Hatta,[3] nanging sajatosipun rumiyin asma alitipun inggih punika Mohammad Athar.[4] Bung Hatta punika misuwur dados Bapak Koperasi, lan namanipun dipun-ginakaken dados nama papan anggegana (papan anggegana) internasional wonten ing Jakarta.
![]() | |
Jeneng ing basa pribumi | (id) Mohammad Hatta |
---|---|
Biografi | |
Nifas | 12 Agustus 1902 Bukittinggi |
Pati | 14 Maret 1980 (77 tahun ) Jakarta |
Cithakan:Infotaula persona/capçalcàrrec 20 Dhésèmber 1949 – 6 Sèptèmber 1950 – Mohammad Roem → Cithakan:Infotaula persona/capçalcàrrec 29 Januari 1948 – 15 Juli 1948 Bagian dari kabinet : Kabinet Hatta I (id) Cithakan:Infotaula persona/capçalcàrrec 29 Januari 1948 – 6 Sèptèmber 1950 ← Amir Sjarifuddin Cithakan:Infotaula persona/capçalcàrrec 18 Agustus 1945 – 1r Dhésèmber 1956 – Hamengkubuwana IX → | |
Data pribadi | |
Kelompok etnik | Minangkabau |
Agama | Islam lan Tarekat Naqsyabandiyah (id) |
Pendidikan (id) | Universitas Erasmus Rotterdam (id) Universitas Gadjah Mada |
Kegiatan | |
Pakaryan | Politikus (id) |
Partai politik | Partai Nasional Indonésia |
Kulawarga | |
Pasangan nikah | Rachmi Hatta (id) |
Anak | Halida Hatta (id) Gemala Hatta (id) Meutia Hatta |
Wong tuwa | Mohammad Djamil (id) , Sitti Saleha (id) |
Kerabat | Arsyad Batuhampar (id) (pakde) |
| |
220x250px|alt= |
Bung Hatta miyos wonten ing Kampung Aur Tajungkang, Kutha Bukittinggi surya kaping 12 Agustus 1902.[4] Bung Hatta punika putra saking H. Mohammad Djamil (bapak) lan Siti Saleha (ibu).[4][5]
Bung Hatta dipunkagungi putra 3 (tiga) saking garwanipun ingkang asma Rahmi Hatta.[4] Putra sapisan dipunparingi asma Meutia Farida Hatta (21 Maret 1947), kaping kalih ingkang asma Gemala Rabi’ah Hatta (1953) lajeng ingkang kaping tiga namanipun Halidah Nuriah Hatta (25 Januari 1956).[4]
Putrinipun asma Meutia Hatta njabat minangka Mantri Nagara Pemberdayaan Perempuan sajeroning Kabinet Indonésia Bersatu pimpinan Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.
Pendhidhikan Mohammad Hatta inggih punika sapisan HIS (sekolah dhasar basa Walanda kanggé putra-putra pribumi).[6] Lan ugi Bung Hatta inggih pikantuk pendhidhikan dhasar ing Europese Largere School (ESL) ing Bukittingi (tamat 1916) lajeng Meer Vitgebreid Lagere Onderwijs (MULO) ing Padang (tamat 1919)).[7] dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011 Lan panjenenganipun ugi pados ngèlmu ugi nglajengaken pendhidhikan ing Handle Middlebare School (Sekolah Menengah Dagang) ing Jakarta lulus warsa 1921.[7]
Wiwit saking sekolah menengah pertama punika panjenenganipun sampun sregep ndhèrèk organisasi, sanèsipun panjeneganipun inggih tiyang ingkang tangat nglampahi ajaran agama Islam.[6] Nalika sekolah wonten ing Jakarta, panjeneganipun nglajengaken kagiyatan kaliyan Jong Sumatranen Bond.[6] Panjenenganipun nalika samanten ugi asring wonten ing asrama Sekolah Tinggi Kedhokteran pepanggihan kaliyan kancanipun ingkang asma Bahder Djohan ingkang dados guru besar lan Rektor Universitas Indonésia.[6]
Nalika Bung Hatta ndhèrèk organisasi lan dados Bendahara Jong Sumatranen Bond ing Padang (1916-1919) ingkang kedah tanggel jawab lan ulet.[4] Panjenenganipun nglajengaken pendhidhikan perguruan tinggi Walanda mundhut ékonomi wonten ing Nederland Handelshogeschool di Rotterdam (tamat minangka gelar Drs, 1932).[4]
Mohammad Hatta ndhèrèk Indonesischee Vereniging, obahan internasional (Liga Tegen Imperalisme,Tegen Koloniale Onderdrukking en voor Nationale Onafhankelijkheid-Liga menetang Imperialisme, Menentang Penindasan Kolonial Mendukung Kemerdekaan Indonésia).[6]
Ing mangsa punika Bung Hatta dados tiyang wigatos ingkang nomer kalih(2) ing pemimpin Pusat Tenaga Rakyat (Putera,1942-1943), lajeng ing Jawa Hokokai (Himpunan Kebaktian Rakyat Jawa, 1943-1944).[6] Bung Hatta ugi ing Tyuo Sangi In (Dewan Pertimbangan Pusat, 1943-1944);ugi dados penaséhat (sanyo) lan dados ketua dewan sanyo (1944-1945) ing departemen ékonomi.[6] Bung Hatta inggih dados anggota Panitia Penyelidik Adat-istiadat (1942), lan ingkang wigatos panjeneganipun ugi dados anggota Badan Penyelidik Usaha-Usaha kemerdekaan Indonésia (1945).[6]
Bung Hatta minangka salah sawijining tokoh saking prokamator kemerdekaan Indonésia.[6] Panjenenganipun dados tiyang ingkang wigatos nggantos pitung tembung ing Piagam Jakarta ingkang dipundadosaken Pambukaan UUD 1945:"dengan kewajiban menjalankan syari'at Islam bagi pemeluk-pemeluknya" dipun-gantos kaliyan "Ketuhanan Yang Maha Esa".[6]
Manawi bangsa India ngadhahi Mahatma Gandhi minangka bapak nagarawan ingkang sedherhana, santun, bersahaja kanggé rakyatipun, lajeng Indonésia ngadhahi Bung Hatta.[8] Salawas gesangipun, Bung Hatta kathah ngagem sipat santunipun dhumatheng sinten kemawon tiyangipun.[8] Menapa tiyangipun mungsuh manawi kanca.[8] Bung Hatta inggih sanget pakurmatanipun lan lajeng ngekanca ingkang raket kaliyan Bung Karno, minangka ing taun 1950-an tiyang kekalih punika boten saged makarya sesarengan malih babagan pulitik.[8] Panjenenganipun lengser saking kalungguhan Wakil Présidhèn ing taun 1956, amarga pasulayan kaliyan Présidhèn Soekarno.
Bung Hatta inggih dipuntunjuk dados tokoh HAM (Hak Asasi Manungsa).[9] Pahargiyan punika saking mengeti lelabetan Bung Hatta minangka babagan perlindungan uga penegakkan HAM.[9] Mengeti dinten HAM punika dhumawah surya kaping 10 Dhésèmber ingkang wonten gegayutanipun kaliyan Bung Hatta.[10] Badan Penelitian lan Pengembangan HAM punika gadhah tujuan paring pangertosan malih bilih kula lan panjenegan sadaya minangka bangsa kedah mengeti lelabetanipun Bung Hatta kanggé kepentinganipun bangsa ingkang salajengipun.[10]
Bung Hatta ugi dados Gelar Dhoktor Honoris Causa saking Universitas Gadjah Mada (1956), Universitas Hasanuddin (1973), lan Universitas Indonésia (1975).[4]
Panjenenganipun ugi nampi tanda jasa Bintang Républik saking Présidhèn Soeharto (15 Agustus 1972).[4]
Bung Hatta tilar donya surya kaping 14 Maret 1980 ing Jakarta.[4] Panjenenganipun dipunsarèkaken ing Tanah Kusir, Jakarta.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.