Sri Sultan Hamengkubuwana II utawi Sultan Sepuh (asma timur Radèn Mas Sundara) (miyos ing pèrèngan Gunung Sindara, Kedhu,[1] ing dinten Setu Legi tanggal ping 28 sasi Mulud taun Alip 1679[2] (7 Maret 1750) – séda ing Ngayogyakarta dinten Kemis Legi tanggal ping 14 sasi Jumadilakir taun Alip 1755[2] (3 Januari 1828) kanthi yuswa 77 taun) inggih punika raja ingkang kaping kalih wonten ing karaton Ngayogyakarta.

Katerangan liyané Sri Sultan Hamengkubuwana II ...
Sri Sultan Hamengkubuwana II
Sri Sultan Hamengkubuwana II
Raja Ngayogyakarta.
MiyosKartasura, Setu Legi tanggal ping 28 sasi Mulud taun Alip 1679 (7 Maret 1750)
SédaYogyakarta, Kemis Legi tanggal ping 14 sasi Jumadilakir taun Alip 1755 (3 Januari 1828)
Jabatan

Raja Ngayogyakarta

Tutup

Sadangunipun jumeneng nata, Sri Sultan Hamengkubuwana II naté kalorot saking nata banjur kakendhangaken dhateng Pulo Pinang, Malaysia nalika Gègèr Sepèi ing dinten Setu Legi tanggal ping 9 sasi Jumadilakir taun Alip 1739[2] lan kagantos déning Adipati Anom kang jumeneng kanthi asma Sri Sultan Hamengkubuwana III. Sasampunipun 15 taun ing pakendhangan, kajumenengaken malih nalikanipun Perang Jawa. Panjenenganipun satunggal-satunggaling ingkang ngasta jumeneng nata tigang periodhe, inggih punika antawis taun 1792-1810, 1811-1812, lan 1826-1828.

Priksani ugi

Rujukan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.