Gangsingan, gangsing, gasing, gasingan, kèkèhan, iku jeneng dolanan tradhisional kang migunakaké gasing utawa kèkèhan. Gangsing digawé saka pring utawa kayu. Ing tengah-tengahé ana bolongan cilik. Bolongan mau bakal muni seru yèn gangsing diputer mubeng.

Thumb
Dolanan gangsingan.

Ana rong jinis dolanan gangsing iki. Sing paling aman yaiku suwé-suwénan mubengutawa banter-banteran swarané. Yèn péngin luwih nantang yaiku diadu. Ing antarané gangsing mau diadu lan sapa kang gangsingé pecah utawa rusak, yaiku kang kalah. Gangsing kanggo diadu iki ora ana bolongané lan digawé saka kayu, bisa kayu mlandhing (petai cina) utawa kayu liyané kang rada atos lan serat kayuné alus supaya ora gampang cuwil.

Kanggo muter gangsing mau dibutuhaké tali, kang diarani uwet. Tali dililitaké wiwit saka endhas, gulu nganti pundhaké gasing. Sawisé iku gangsing asor diuncalaké mengarep kanthi ngegèt, patrapé kaya nguncalaké bal boling.

Banggalan

Adu gangsing diarani banggalan. Carané, wiwitan para juru main ngubengake gasing bebarengan, kang mandheg dhisik puteran gasingé kalah banjur dadi asor, yaiku muter gangsing kanggo dibanggal. Gangsing utawa kèkèhan kang dianggo banggalan racaké ing sisih ngisor dipasangi paku kanggo ngrusak (yèn bisa malah mecahaké) kèkèhan kang dibanggal.

Thumb
Gangsingan saka Ngayogyakarta.

Sajeroning dolanan banggalan, gangsing asor kang wis diubengaké mau banjur dibanggal utawa diantem saka ndhuwur nganggo gangsing pambanggal, tujuané supaya ubengan gasing asor bisa mandheg utawa gasingé cuwil utawa rusak. Yèn gangsing pambanggal luput (kabuk) ngenani gangsing asor, pambanggal dianggep kalah lan sabanjuré ganti dadi asor. Yèn pambanggalé kena lan gangsing asor mandeg luwih dhisik ubengané, pambanggal dianggep menang lan gangsing asor kudu ngubengaké gangsingé manèh kanggo dibanggal.

Dolanan kang saemper

Ana manèh dolanan liya kang saemper, kagawe saka kayu kang diarani pathon. Pathon iki kang ana ing laladan/basa liya diarani gasing.

Deleng uga

Pranala jaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.