Dhiameter inggih punika garis tengah. Salebetipun géomètri, dhiameter (saking basa Yunani, diairo = bagi lan metro = ukuran) satunggiling bunderan inggih punika sègmèn garis ingkang ngliwati titik pusat lan ngubungaken kalih titik ing bunderan kasebat, utawi, salebetipun pangginaan modhèren, dhiameter ateges panjang saking sègmèn garis wau. Salebetipun satunggiling bal, dhiameter ngubungaken 2 titik ing lumahing bal lan ngliwati titik pusat bal.

Dhiameter lan radius bunderan.

Panjang dhiameter bunderan inggih punika kaping 2 panjang radius. Dhiameter saged dipun-ginakaken kanggé mangertosi keliling lan wiyar bunderan. Salebetipun bal 3 dimènsi, dhiameter saged dipun-ginakaken kanggé mangertosi wiyar lumahan lan volume bal.

Sasanèsipun punika, dhiameter wujud tali busur paling panjang ingkang wonten ing bunderan.


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.