Dèwi Drupadi iku salah swijining paraga wayang putri Prabu Drupada saka Cempalareja. Ing Mahabharata, paraga iki sinebut Draupadi. Ing wayang lan pedhalangan asring karan Drupadi. Ana kalane uga sinebut Dewi Kresna. Ing versi India, Drupadi dadi bojone Pandhawa. Iku tegesé poliandri. Ing pedhalangan, Drupadi dadi bojone Yudhistira. Wanita iki putri Prabu Prabu Drupada kang pembarep saka Dèwi Dèwi Gandawati. Dhèwèké mbakyuné Dèwi Dèwi Srikandhi lan Radèn Drustajumena.

Thumb
Drupadi

Seka jejodhoane karo Yudhistira, nduwé anak Pancawala. Nanging yèn ing India, anaké ana lima:

  1. Prativindya, saka Yudhistira.
  2. Srutasoma, saka Bima.
  3. Srutakirti, saka Arjuna.
  4. Satanika (ana uga sing nyebut Srutanika), saka Nakula.
  5. Srutakarma, saka Sadewa.

Ing kedadeyan kalah dhadhu, Drupadi dadi bandhan amarga Pandhawa kalah karo Kurawa. Ing kéné Dursasana nyoba nglukari klambine Drupadi. Mula saka iku, wanita iki sumpah yèn ora arep kramas yèn durung kramas nganggo getihe Dursasana. Sumpah iki bisa kaleksanan ing perang Bharatayudha.

Drupadi mèlu Pandhawa munggah gunung Himalaya nuju surga.

Uga delengen

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.