Panagara Mirunggan Ngayogyakarta
provinsi ing Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
|center|250px]]Searah jarum jam saking duwur: Papan Anggegana Internasional Ngayogyakarta, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, Pasisir Wediombo, Ratu Baka, Hutan Pinus Pengger, Gunung Merapi, Candi Prambanan, Pasisir Parangtritis dan Tari Golek Ayun-Ayun.Sesanti: [1]
Amemayu Ayuning Bawana
Hanacaraka: ꦲꦩꦼꦩꦪꦸꦲꦪꦸꦤꦶꦁꦧꦮꦤ
Slogan Pariwisata: Istimewa (Jogja Istimewa)
Remove ads
![]() |
![]() | ![]() |
![]() |
Dina dadi4 Maret 1950 (umur 75)Dhasaring ukumUU No. 3 tahun 1950; UU No. 13 tahun 2012Kutha krajan20px Kota YogyakartaTlatah - Gunggung ambané3185,80 km2
Cacah jiwa (2020) - Gunggung3882288 - Pepadhet1218,62/km2
Pamaréntahan - GubernurHamengkubuwana X[2] - WagubPaku Alam X[3] - Ketua [[{{{DPRD}}}|DPRD]]Nuryadi - SèkdaKadarmanta Baskara Aji - Kabupatèn4 - Kutha1 - Kacamatan78 - Kalurahan440
APBD - DAURp1.359.606.514.000,00 (2020)[4]
Démografi - ÉtnisJawa (96,53%)
Sunda (0,69%)
Melayu (0,45%)
Tionghoa (0,33%)
Batak (0,29%)
Madura (0,15%)
Minangkabau (0,15%)
Lain-lain (1,89%)[5] - AgamaIslam (92,62%)
Kristen (7,18%)
—Katolik (4,50%)
—Protestan (2,68%)
Hindu (0,09%)
Buddha (0,09%)
Lainnya (0,02%)[6] - BasaIndonesia (resmi)
Jawa (resmi daerah)[7]
Lagu dhaèrahSuwe Ora Jamu, Pitik Tukung, Walang Kekek, Caping GunungOmah tradhisionalRumah Joglo, Bangsal KenconoGaman tradhisionalKerisSitus wèbjogjaprov
Panagara Mirunggan Ngayogyakarta (Indonésia: Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY)) yaiku panagara ing Indonésia lan dados salah sawijining panagara ing Indonésia ingkang nyandhang gelar istimewa utawa mirunggan. DIY wonten ing sisih kidul pulo Jawa pérangan tengah. Minangka kutha kraton Indonesia ingkang piyambak tetep dipunkengku dening monarkhi, Yogyakarta dipunanggep minangka pusat penting kanggé seni lan budaya Jawa klasik kadosta balet, kain batik, drama, sastra, musik, puisi, seni perak, seni rupa, lan wayang kulit.[8] Kawentar minangka pusat pendidikan Indonesia, Yogyakarta minangka omah kanggé mahasiswa lan puluhan sekolah saha universitas, kalebet Universitas Gadjah Mada, lembaga pendidikan inggil ingkang paling ageng ing nagari lan salah satunggaling ingkang paling prestisius.[9][10][11]
Remove ads
Sajarah
Sedurungipun proklamasi kamardikan Indonésia, DIY meniko karajan ingkang mardika utawi dipunsebat Zelfbestuurlandschappen/Daerah Swapraja, yaiku Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat lan Kadipatèn Pakualaman. Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat dipunjumenengaken dening Pangeran Mangkubumi ingkang gadhah gelar Sultan Hamengku Buwono I ing warsa 1755, dene Kadipaten Pakualaman dipunjumenengaken dening Pangeran Natakusuma (sadherekipun Sultan Hamengku Buwono II) ingkan gadhah gelar Adipati Paku Alam I ing warsa 1813. Pamarintah Hindia Belanda ngakui Kasultan, lan Pakualaman dados kerajaan ingkang gadhah hak kangge ngatur rumah tangga nipun piyambak ingkang wonten ing kontrak politik. Kontrak politik ingkang pungkasan Kasultanan wonten ing lebeting Staatsblaad 1942 Nomer 47, dene kontrak politik Pakualaman ing dalem Staatsblaad 1941 Nomer 577. Eksistensi kaping kalih kerajaan kasebat sampun angsal pangakuan saking dunyo Internasional, dene ing panjajahan Belanda, Inggris, saha Jepang. Nalika Jepang nilaraken Indonesia, kalih kerajaan menika sampun siap dados nagari piambak ingkang merdeka, jangkep kaliyan sistem pamarintahanipun (susunan ingkang asli), telatah, lan pendudukipun.
Sasampunipun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia (RI), Sri Sultan Hamengkubuwana IX lan Sri Paku Alam VIII nyatakaken dhateng Presiden RI, menawi Daerah Kasultanan Yogyakarta, lan Daerah Pakualaman dados Negari RI, gabung dados satunggal kasatuan ingkang nyataaken minangka Daerag Istimewa Yogyakarta (DIY). Sri Sultan Hamengkubuwana IX lan Sri Paku Alam VII minangka Kepala Laladan, lan Wakil Kepala Laladan tanggel jawab langsung dhateng Presiden RI. Bab kasebat dipun nyataaken ing lebeting:
- Piagem adhisthana Sri Sultan Hamengku Buwono IX lan Sri Paku Alam VIII tertanggal 19 Agustus 1945 saking Presiden RI.
- Tuwawa Sri Sultan Hamengku Buwono IX lan Sri Paku Alam VIII tertanggal 5 September 1945 (dipun damel kaliyan kepisah).
- Tuwawa Sri Sultan Hamengkubuwono IX lan Sri Paku Alam VIII tertanggal 30 Oktober 1945 (dipun damel kaliyan kepisah).
Lebeting ing margi sejarah selajengipun kadudukan minangka Daerah Otonom satingkat Provinsi ingkang cocok kaliyan maksud pasal Undang-undang Dasar 1945 (saderengipun ebah) dipunatur dening Undang-undang Nomer 22 Warsa 1948 babagan Undang-undang pokok Pemerintahan Daerah. Minangka lanpahan selajengipun Daerah Istimewa Yogyakarta dipunbentuk kaliiyan Undang-undang Nomer 3 Warsa 1950 babagan Pambentuk Daerah Istimewa Yogyakarta. Paraturan Pemerintah Nomer 31 Warsa 1950 sebagaimana sampun dipunebah, lan dipun wuwuhi kaliyan Undang-undang Nomer 9 Warsa 1955 (Lembaran Nagari Warsa 1859 Nomer 71, dipunwuwuhi Lembaran Negari Nomer 1819) ingkang sakmenika taksih laku.
Remove ads
Pratélan Daérah Tingkat II
Deleng uga
Pranala njaba
- Situs Web Resmi Archived 2001-01-24 at the Wayback Machine.
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads