Carapocap Sastrabasa lan Carapocap Padinan Aksara Kan (Cina)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Carapocap sastrabasa lan padinan kang abeda kanggo saperangan aksara Kan (aksara Cina) iku barang kang lumrah kanggo basa-basa Cina. Bedaning carapocap utawa carawaca iki mau aguna kanggo angarani jinising basa Cina. Carapocap sastrabasa (文讀/文读; wéndú) lumrahe kanggo ing tembung silihan, jeneng (pratalawimba utawa pribadhi), kasusastran (kaya ta guguritan), lan ing kahanan parikara (Ind: formal). Dene, carapocap padinan (白讀/白读; báidú) lumrahe kanggo ing basa padinan.
Tuladha
Ing sangisor iki ya iku tuladha carapocap sastrabasa lan padinan ing basa Ban utawa Hogkyen. Carapocap iki katulis kanthi tatatulis Pek We Ji (Peh Oe Ji).
Aksara Kan | Carapocap sastrabasa | Carapocap padinan/ †silih'aksara | Jawa |
---|---|---|---|
白 | pe̍k | pe̍h | putih |
面 | biān | bīn | rai |
書 | su | chu | buku |
生 | seng | seⁿ / siⁿ | murid |
不 | put | m̄† | ora |
返 | hóan | tńg† | bali |
學 | ha̍k | o̍h | asinau |
人 | jîn / lîn | lâng† | wong |
少 | siàu | chió | sithik |
轉 | chóan | tńg | umenggok |
Sawang uga
- Onyomi
- Carapocap Cina An'ya
- Têtêmbungan Cina Nippon
- Têtêmbungan Cina Korya
- Basa Cina
- Aksara Kan (Cina)
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.