From Wikipedia, the free encyclopedia
Cabé utawa , cabai jawa, cabé, lada panjang (Piper retrofractum Vahl. syn. P. longum) iku kerabat saka mrica lan kalebu sajeroning suku suruh-suruhan utawa Piperaceae. Dikenal uga minangka cabai solak (Madura) lan cabia (Sulawesi). Tuwuhan asli Indonésia iki populèr minangka tuwuhan obat pekarangan lan tuwuh uga ing alas-alas sekunder dhataran cendhèk (nganti 600m ing sadhuwuré lumahing sagara).
Cabé | |
---|---|
Tuwuhan cabé | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Piperales |
Famili: | Piperaceae |
Génus: | Piper |
Spésies: | P. retrofractum |
Jeneng binomial | |
Piper retrofractum Vahl. | |
Tuwuhan iki wis suwé dikenal déning wong Romawi lan kerep dikacaukan karo mrica. Ing Indonesia dhéwé woh sing garing kanggo rempah kanggo gawé rasa pedhes.
Cabé bisa tuwuh ing lahan sing dhuwuré 0-600 mèter ing sadhuwuré lumahing sagara (dpl), kanthi curah udan rata-rata 1.259-2.500 mm/taun. Lemah lempung mawa pasir, kanthi struktur lemah gembur lan mawa drainase sing apik, minangka lahan sing cocog kanggo budidaya cabé. Tuwuhan iki duwé kaunggulan bisa tuwuh ing lahan garing mawa watu.
Wangun tuwuhan iki kaya suruh, ngrambat, mènèk, mbelit, lan njalar. Godhongé awangun bunder nganti lonjong, pangkal godhong awangun jantung utawa bunder, pucuk godhong lancip kanthi bintik-bintik klanjer. wohé majemuk bulir, wanguné bunder dawa utawa silindris, lan pucuké tansaya cilik. Woh sing durung tuwa awarna klawu, banjur dadi ijo, banjur kuning, abang, sarta empuk. Rasané pedhes lan tajem aromatis[1].
Woh cabé duwé khasiat minangka obat lara weteng, masuk angin, bèri-bèri, rématik, tekanan darah cendhèk, kolèra, influenza, lara ngelu, lemah syahwat, bronkitis, lan sesek napas. Amarga saka iku, cabé akèh dibutuhaké minangka bahan jamu tradhisional lan obat pil/kapsul modhèren sarta bahan campuran ombènan. Rasa pedhes iku asalé saka senyawa piperin, kanthi kandhutan watara 4,6 persèn.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.