From Wikipedia, the free encyclopedia
Bernardo O'Higgins Riquelme (20 Agustus 1778 – 24 Oktober 1842),[1] pemimpin kamardikan Amérika Selatan, inggih punika salah satunggaling panglima – sesarengan kaliyan José de San Martín – angkatan bersenjata ingkang mbebasaken Chili saking papréntahan Spanyol wonten ing Perang Kemerdekaan Chili. Ewadene piyambakipun minangka Pemimpin Tertinggi ingkang angka 3 Chili (1817–23), O'Higgins inggih punika minangka tiyang ingkang kapisanan inngkang njabat gelar punika lan mimpin nagara Chili ingkang sampun saestu mardika.[2]
O'Higgins miyos wonten ing Chillán, Chili.[3] Kados ingkang sinerat wonten ing salebeting serat baptisanipun, piyambakipun minangka putra ingkang boten sah saking Ambrosio O'Higgins, Marquis saking Osorno, sawijining perwira Spanyol saking Kabupatèn Sligo ing wewengkon Irlandia, ingkang naté dados gubernur Chili lan ing wuri dados raja mudha Peru. Ibunipun inggih punika Isabel Riquelme, sawijining wanodya bangsawan Chillán ingkang misuwur. O'Higgins nglampahi masa alitipun sesarengan kaliyan kulawarga ibunipun wonten ing Chili tengah-kidul. Hubunganipun kaliyan ingkang rama tebih. Ambrosio njurung pembiayaan gesangipun lan ingkang prihatin bab pendidikanipun, nanging kekaliipun boten naté kapanggih kanthi langsung. Para pejabat pamaréntah Spanyol wonten ing Amérika dipunlarang palakrama kaliyan tiyang-tiyang pribumi.[4]
Nalika Ambrosio O'Higgins dados Raja Muda Peru, Bernardo ingkang enem dipunkintun dhateng London saperlu mungkasaken pendidikanipun. Ing mrika Bernardo tetepangan kaliyan pamanggih-pamanggih kaum pendukung kamardika Amérika. Piyambakipun tepang kaliyan Francisco de Miranda saking Venezuela lan kagabung kaliyan Logia Lautaro Masonik.[5]
Taun 1810, piyambakipun kagabung kaliyan para pambrontak nasionalis ingkang sami berjuang saperlu pikantuk kamardikan saking Spanyol. Taun 1814, para pambrontak Chili-nipun saged dipunkasoraken déning bala Spanyol lan mlajar dhateng Pegunungan Andes. Taun 1817, O'Higgins wangsul malih nindakaken serangan kanthi pambiyantu saking Jenderal Argentina José de San Martín.[6] Tanggal 12 Fèbruari 1817, piyambakipun mimpin sawijining serangan kavaleri ingkang menangaken Pertempuran Chacabuco. Piyambakpun dados pamimpin Chili mardika ingkang kapisanan, lan dipunparingi kakuwasan diktatorial minangka Pamimpin Tertinggi nalika tanggal 16 Fèbruari 1817. Tanggal 12 Fèbruari 1818, Chili dipunnyatakaken dados republik ingkang mardika.[7]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.