From Wikipedia, the free encyclopedia
Basa Tajik (забо́ни тоҷикӣ́, zaboni tojiki, zaboni forsii tojik) ya iku jinis Pèrsi modern kang dituturnang karo Wong Tajik ning Tajikistan, sapérangan Uzbèksitan kutha Bukhara lan Samarkand. Basa iki dadi basa resmi nagara Tajikistan[1]. Basa Persia ning daérah iki digenti arané dadi Tajik ning jamané papréntahan Stalin taun 1932[2]. Maksudé iku kanggo ngebedaaken penutur basa Persi ning Asia Tengah karo ning Iran[2]. Basa iki masih sadulur karo Basa Pèrsi ning Iran lan Afghanistan. Sedurungé basa iki sok karan dialeké basa Pèrsi sedurungé Uni Soviét duwé kuasa ning wewengkon Tajikistan taun 1920an[1]. Amarga Tajikistan bekas nagara Uni Sovyèt, ana robahan léksikon lan tembung silihan sing basa Ruslan. Penulisan hurupé gen robah, sing hurup Arab-Pérsi dadi hurup Kiril[2].
Tajik | ||
---|---|---|
тоҷикӣ, تاجیکی, tojikī | ||
Dituturaké ing | Tajikistan, Iran, Kazakhstan, Afganistan, Pakistan, Kirgizstan, Ruslan (Asia), Turkmenistan, Ukraina, Uzbekistan | |
Wilayah | Asia Tengah | |
Gunggung panutur | kira-kira 6.380.000 (2012) | |
Rumpun basa | Indo-Eropa Indo-Iran Iran Iran Kulon Iran Kulon daya Pérsia | |
Sistem tulisan | Sirilik, Latin, Persia-Arab | |
Status resmi | ||
Basa resmi ing | Tajikistan | |
Regulated by | No official regulation | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | tg | |
ISO 639-2 | tgk | |
ISO 639-3 | tgk | |
|
Ning jaman sekien, basa iki bisa ditulis ning telung macem tulisan, ya iku hurup Arab-Persi (tulisan klasik Tajik), hurup Kiril, lan hurup Latin. Pemréntah Tajikistan sekien lewih condong nganggo tulisan Kiril tinimbang hurup Arab-Pérsi atawa Latin[3][4].
Kaya basa Pérsi séjéné, basa Tajik gan ana dialék-dialék ning sekubengané Tajikistan. Dialék Tajik bisa dibagi dadi rong kelompok, ya iku lor-kulon lan tenggara.
Dialék lor ana pengaruh sing basa Uzbék lan dienggo karo wong Pérsi-Yahudi ning Bukhara[1].
Sedurung taun 1928, basa Tajik ditulis nganggo huruf Arab Pérsi, ya iku jinis varian huruf Arab kanggo nulis basa Pérsi[5]. Selanjuté ditulis nganggo huruf Aksara Latin antara taun 1928 nganti 1940. Huruf Latin diajaraken ning wong Tajik iku sewisé Revolusi Russia taun 1917 kanggo ningkataken literasi lan jarak basa sing pengaruh Islam[1]. Basa Tajik toli nganggo huruf Sirilik nganti sekiyen. Nanging ning taun 1989, pemréntah Tajikistan, metuaken undang-undang supaya basa Tajik nganggo huruf Arab Pérsi maning. Ana maning kang péngén nganggo huruf Latin nanging sampé sekiyen, pemréntah Tajikistan masih nganggo huruf Sirilik lan sekiyen kang diarani alfabét Tajik ya huruf Sirilik iku.
Ning isor iki ditodokaken warna-warna huruf atawa alfabét kang pernah lan masih dienggo nulis basa Tajik miturut tahapané.
ذ | د | خ | ح | چ | ج | ث | ت | پ | ب | ا |
/z/ | /d/ | /χ/ | /h/ | /tʃ/ | /dʒ/ | /s/ | /t/ | /p/ | /b/ | /ɔː/ |
غ | ع | ظ | ط | ض | ص | ش | س | ژ | ز | ر |
/ʁ/ | /ʔ/ | /z/ | /t/ | /z/ | /s/ | /ʃ/ | /s/ | /ʒ/ | /z/ | /ɾ/ |
ی | ه | و | ن | م | ل | گ | ک | ف | ق | |
/j/ | /h/ | /v/ | /n/ | /m/ | /l/ | /ɡ/ | /k/ | /f/ | /q/ |
A a | B ʙ | C c | Ç ç | D d | E e | F f | G g | Ƣ ƣ | H h | I i |
/æ/ | /b/ | /tʃ/ | /dʒ/ | /d/ | /eː/ | /f/ | /ɡ/ | /ʁ/ | /h/ | /i/ |
Ī ī | J j | K k | L l | M m | N n | O o | P p | Q q | R r | S s |
/i/ | /j/ | /k/ | /l/ | /m/ | /n/ | /ɔː/ | /p/ | /q/ | /ɾ/ | /s/ |
Ş ş | T t | U u | Ū ū | V v | X x | Z z | Ƶ ƶ | ' | ||
/ʃ/ | /t/ | /u/ | /ɵː/ | /v/ | /χ/ | /z/ | /ʒ/ | /ʔ/ |
А а | Б б | В в | Г г | Ғ ғ | Д д | Е е | Ё ё | Ж ж | З з | И и | Ӣ ӣ | |
/æ/ | /b/ | /v/ | /ɡ/ | /ʁ/ | /d/ | /eː/ | /jɔː/ | /ʒ/ | /z/ | /i/ | /ˈi/ | |
Й й | К к | Қ қ | Л л | М м | Н н | О о | П п | Р р | С с | Т т | У у | |
/j/ | /k/ | /q/ | /l/ | /m/ | /n/ | /ɔː/ | /p/ | /ɾ/ | /s/ | /t/ | /u/ | |
Ӯ ӯ | Ф ф | Х х | Ҳ ҳ | Ч ч | Ҷ ҷ | Ш ш | Ъ ъ | Э э | Ю ю | Я я | ||
/ɵː/ | /f/ | /χ/ | /h/ | /tʃ/ | /dʒ/ | /ʃ/ | /ʔ/ | /eː/ | /ju/ | /jæ/ |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.