Basa Jawa Bagongan utawa Basa Bagongan[1] iku siji varian basa Jawa sing mung dianggo ing lingkungan kraton Mataram. Basa iki wiwit dikembangaké nalika jaman papréntahan Sultan Agung kanthi angkah kanggo ngilangaké kasenjangan antarané para pejabat pura lan kulawarga raja.

Wektu saiki basa Bagongan tansaya arang dianggo, malah amèh musna. Panganggoné mung golongan tuwa sing ngerti anané jinis basa mau.

Titikan

Basa Bagongan duwèni titikan:[2]

  1. Aku diganti Manira
  2. Kowe diganti Pakenira
  3. Awalan dak- diganti Manira
  4. Awalan ko- diganti Pakenira
  5. Panambang -ku diganti kula
  6. Panambang -mu diganti dalem
  7. Punapi = punapa
  8. Boya = ora
  9. Besaos = bae

Panggunaan

Basa Bagongan dipigunakaké déning para pejabat pura, utawa sing biyasa karan sentana dalem nalika wicara marang siji lan sijiné. Ora kaya basa Jawa salumrahé, basa iki kurang migatèkaké undha-usuk basa saéngga dadi luwih luwes.

Rujukan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.