From Wikipedia, the free encyclopedia
Banjul iku kutha krajan Gambia kang dumunung ing Pulo St Mary koordinat 13°28′ LU 16°36′ BB[pranala mati permanèn]. Sing ndunungi ana 34.828 jiwa (2003).
Banjul | |
---|---|
Masjid Raja Fahad ing Banjul | |
Banjul disawang sak Satelit SPOT | |
Nagara | Gambia |
Divisi | Banjul |
Laladan | |
• Urban | 36 sq mi (93 km2) |
Cacah warga (2003) | |
• City | 34,828 |
• Pepadhet | 9,700/sq mi (374,5/km2) |
• Urban | 357,238 |
Banjul diyasa taun 1816 déning Britania Agung minangka pos perdagangan lan kanggo kapentingan penghapusan perdagangan budak. Kutha iki biyèn jenengé Bathurst sawisé Henry Bathurst, sekretaris Kantor Kolonial Britania, banjur diganti dadi 'Banjul' taun 1973.
Tanggal 22 Juli 1994, kudhéta dilancaraké ing kutha iki. Kanggo mèngeti prastawa mau, Arch 22 kang dhuwuré 35 m diyasa minangka gerbang lumebu kutha Banjul.
Banjul minangka salah siji wewengkon kutha kang nopang roda ékonomi lan papréntahan Gambia. Industri mligi yaiku pemrosèsan kacang. Komoditas ekspor liyané wujud lilin tawon, lenga sawit lan kayu sawit.
Kutha iki dilayani déning Papan Anggegana Internasional Banjul. Kapal feri ngubungaké Banjul karo kutha Barra.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.