Papan anggegana utawa lapangan anggegana (cara Indonésia: bandar udara) yaiku prasarana kanggo montor mabur saperlu nggegana lan ndharat. Papan anggegana prasajané nduwèni landhesan siji. Masiya mangkono, papan-papan anggegana gedhé wiyahé pepak ing prasarana kanggo mandhéga gegananing montor mabur lan para nunggang.

     
Papan Anggegana Internasional San Francisco, Amérikah Sarékat ing wayah wengi.

Miturut Annex 14 saka ICAO (International Civil Aviation Organization, Pakempalan Anggegana Sipil Internasional), papan anggegana yaiku laladan tinamtu ing dharat utawa banyu (kalebu yeyasan, pepasangan, lan piranti) kanggo tekané, lungané, lan lakuné montor mabur. Éwadéné, pratélaning papan anggegana miturut Angkasa Pura yaiku kabèh yeyasan lan piranti minangka kalengkapan saora-orané kanggo prasarana tumrap tetunggangan anggegana wong akèh.

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.