Sayyid Ayatollah Ruhollah Khomeini (lair ing Khomein, Provinsi Markazi, 24 Sèptèmber 1902  pati ing Teheran, Iran, 3 Juni 1989 ing umur 86 taun) iku tokoh Révolusi Iran lan wujud Pamimpin Agung Iran pisanan. Lair ing Khomeyn, Iran. Panjenengané sinau teologi ing Arak lan banjur ing kutha suci Qom, ing ngendi panjenengané njupuk papan manggon netep lan wiwit yasa dhasar pulitik kanggo nglawan kulawarga karajan Iran, mligi Shah Mohammed Reza Pahlavi. Uji utama pisanané – lan rasa pulitik pisanan kang sabeneré – teka taun 1962 nalika papréntahan Shah kasil olèh RUU kang ngesokaké sapérangan kakuwasaan marang dhéwan provinsi lan kutha. Sapérangan pengikut Islam kabotan marang perwakilan kang lagi dipilih lan ora diwajibaké sumpah marang al-Qur'an nanging ing saben tèks suci kang dipilih. Khomeini migunakaké kanepson iki lan ngatur pamogokan ing saindhenging nagara kang njalari panolakan marang RUU iku.

Sunyata Rikat Ayatollah Agung Ruhollah Musavi Khomeini روح الله الخميني, Pamimpin Agung Républik Islam Iran kaping 1 ...
Ayatollah Agung Ruhollah Musavi Khomeini
روح الله الخميني
Thumb
Ruhollah Khomeini
Pamimpin Agung Républik Islam Iran kaping 1
Linggih
3 Dhésèmber 1979  3 Juni 1989
PrésidhènAbolhassan Banisadr
Mohammad Ali Rajai
Ali Khamenei
MahamantriMohammad Ali Rajai
Mohammad-Javad Bahonar
Mohammad-Reza Mahdavi Kani (sauntara)
Mir-Hossein Mousavi
Kang sadurungé(Ora ana; kalungguhan pisanan)
Kang sawiséAli Khamenei
Rerincèn dhiri
Lair(1902-09-24)24 Sèptèmber 1902
Khomein, Provinsi Markazi
Pati3 Juni 1989(1989-06-03) (umur 86)
Teheran, Iran
SisihanKhadijeh Saqafi Khomeini
AnakAhmad, Mostafa lan liyané; putu: Hassan, Hussein, Ali Khomeini lan Ali, Zahra, Atefeh Eshraghi
AgamaSingah
Tutup

Khomeini migunakaké posisi kang kuwat iki kanggo medharaké khotbah saka Faiziyveh School kang ndakwa nagara kolusi karo Israèl lan nyoba "ndhiskreditaké al-Qur-an." Panyekelané kang ora kaéndhani déning pulisi rahasia Iran, SAVAK, mancing karusuhan gedhèn lan réaksi kakerasan kang biyasa déning pihak kaamanan kang njalari patining èwonan wong.

Khomeini terus susah suwéné taun-taun sabanjuré lan nalika pèngetan pisanan karusuhan wadyabala Shah lumaku nuju kutha Qom, nahan Imam sadurungé dikirim menyang pambuangan ing Turki. Panjenengané manggon sedhéla ing kana sadurungé pindhah menyang Irak ing ngendi nerusaké pagolakan kanggo ambruké rézim Shah. Taun 1978 papréntahan Shah njaluk Irak kanggo ngusir panjenengané saka Najaf, banjur panjenengané nuju Paris, sauntara iku profilé ngrembaka minangka refleksi langsung lèngsèré Shah.

Khomeini tilar donya ing Teheran tanggal 3 Juni 1989.

Pranala njaba

Didhisiki déning:
-
Pamimpin Agung Iran Digantèkaké déning:
Ayatollah Ali Khamenei

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.