Amérika Kidul punika buwana wonten ing antaraning Samodra Pasifik lan Samodra Atlantik ingkang kasambung kaliyan Amérika Lor ngliwati Tanah Genting Panama. Buwana punika kaliwatan déning garis khatulistiwa, lan sapérangan ageng dhataran buwana kasebat wonten ing wilahan bumi kidul.

Gambar Amérika Kidul ingkang kapundhut saking citra satelit
Péta topografi Amérika Kidul

Pérangan kilèn buwana Amérika kidul wujud barisan pagunungan Andes saking lèr dumugi kidul, éwadéné pérangan wétan buwana punika dhataran cendhèk sapérangan ageng wujud basin kali Amazon, kanthi hutan tropis ingkang lebat.

Dipunkinten Amérika Kidul dipunpanggèni sepisanan déning manungsa ingkang migrasi saking Asia ngliwati Tanah Genting Bering (sapunika Selat Bering) tumuju Amérika Lèr lan ngidul tumuju Amérika Kidul. Dipunkinten migrasi tumuju Amérika Kidul punika saking pérangan kidul Samodra Pasifik ngliwali kepuloan ing Oseania.

Wiyaripun Amérika Kidul punika nomer sekawan sasampunipun Asia, Afrika lan Amérika Lèr éwadéné populasinipun wonten ing nomer gangsal sasampunipun Asia, Afrika, Éropa lan Amérika Lèr.

Ékonomi

Ing taun 2002, tingkat pangangguran ing Amérika Kidul inggih punika 10,8%. Amargi inflasi ingkang inggil ing mèh sadaya nagari-nagari Amérika Kidul, suku bunga tumut mundhak lan investasi nurun. Suku bunga limrahipun langkung kalih lipat tinimbang Amérika Sarékat. Contonipun, suku bunga ing Venezuela kirang langkung 22% lan 23% ing Suriname. Kajawi ing Chili, ingkang dipunwiwiti kawit taun 1973 ing mangsa pamrémtahan Augusto Pinochet.

South American Community of Nations punika satunggaling zona dagang bébas ingkang dipunrencanaaken ing buwana punika kanggé nyetunggalaken kalih organisasi perdhagangan bébas ingkang sampun wonten; Mercosur lan Andean Community.

Ing Amérika Kidul, bènten antawisipun ingkang sugih lan miskin ageng sanget. Ing Venezuela, Paraguay, Brasil, lan kathah nagari Amérika Kidul sanèsipun, 20 persèn tiyang ingkang paling sugih saged ndarbèni langkung saking 60% kekayaan nagari, éwadéné 20 persén paling miskin namung ndarbèni kirang saking 5%. Kabèntenan punika saged dipunpirsani ing kathah kitha-kitha ageng Amérika Kidul ingkang ndarbèni griya kumuh lan gubuk celak saking pencakar langit lan apartemén mèwah kelas-inggil.

Pambagéyan wewengkon kanthi pulitik

Katerangan liyané Entitas pulitik, Wewengkon (km²) ...
Entitas pulitik Wewengkon
(km²)
Padunung
(2005)
Kapadhetan
(per km²)
Ibu kitha
Argèntina Argentina 2.766.890 39.537.943 14,3 Buenos Aires
Bolivia Bolivia 1.098.580 8.857.870 8,1 La Paz, Sucre
Brazil Brasil 8.511.965 186.112.794 21,9 Brasília
Cilé Chili 756.950 15.980.912 21,1 Santiago, Valparaíso
Kolombia Kolombia 1.138.910 42.954.279 37,7 Bogotá
Ékuador Ekuador 283.560 13.363.593 47,1 Quito
Kapuloan Falklan Kapuloan Falkland 12.173 2.967 0,24 Stanley
Prancis Guyana Perancis 91.000 195.506 2,1 Cayenne
Guyana Guyana 214.970 765.283 3,6 Georgetown
Paraguay Paraguay 406.750 6.347.884 15,6 Asunción
Pèru Peru 1.285.220 27.925.628 21,7 Lima
Georgia Kidul lan Kapuloan Sandwich Kidul Georgia Kidul lan Kapuloan Sandwich Kidul 3.093 Grytviken
Suriname Suriname 163.270 438.144 2,7 Paramaribo
Uruguay Uruguay 176.220 3.415.920 19,4 Montevideo
Vènezuéla Venezuela 912.050 25.375.281 27,8 Caracas
        Total 17.821.601 371.274.004 20,8
Tutup

Catatan:

  1. ^ La Paz inggih punika ibu kitha administratif Bolivia; Sucre inggih punika ibu kitha kanthi konstitusi.
  2. ^ Santiago inggih punika ibu kitha administratif Chili; Valparaíso inggih punika lokasi rapat lègislatif.
  3. ^ Dipunklaim déningArgentina.
  4. ^ Biasanipun dipungolongaken dados péranganing kawasan Antartika (amargi celakipun jarak). Kapuloan punika boten gadhah populasi permanèn, namung satunggal golongan ingkang anggotanipun kirang langkung 100 panliti lan pangunjung ingkang dhateng kadhang kala.
* Gumantung dhefinisinipun, Panama lan Trinidad lan Tobago gadhah salah satunggal utawi kalih wewengkon ing Amérika Lèr lan Kidul.

Ugi pirsani

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.