Agustinus Adisoetjipto, Marsekal Muda Anumerta (lair ing Salatiga, Jawa Tengah, 3 Juli 1916 – kapundhut ing Bantul, Yogyakarta, 29 Juli 1947 nalika umur 31 taun) iku Pahlawan Nasional lan salah siji komodor udara Indonésia. Dhèwèké duwé agama Katulik [1]. Adisoetjipto lair tanggal 3 Juli 1916 ing Salatiga. Dhèwèké tau sekolah ing GHS (Geneeskundige Hoge School) (Sekolah Tinggi Kedhokteran) lan uga dadi lulusan Sekolah Penerbang Militaire Luchtvaart ing Kalijati.

Thumb
Agustinus Adisutjipto

Nalika tanggal 15 Novèmber 1945, Adisutjipto ngadegaké Sekolah Penerbang ing Yogyakarta, luwih pase ing Lapangan Udara Maguwo, kang banjur diganti jenenge dadi Papan Anggegana Adisutjipto kanggo ngenang jasa minangka Pahlawan Nasional.

Nalika wektu Agresi Militer Walanda I, Adisoetjipto lan Abdulrahman Saleh diperintah lunga menyang India. Wong loro mau kasil anggoné nembus pertahanan udarane Walanda kanggo menyang India lan Pakistan [2]. Nanging nalika bali Indonésia gawa obat saka Malaya, motor mabur kang ditumpaki (Pesawat Dakota VT-CLA) ciblok ditembak déning motor mabur P-40 Kittyhawk Walanda ing désa Ngoto nalika tanggal 29 Juli 1947. Adisutjipto disarekake ing pesarean umum Kuncen I lan II, banjur nalika tanggal 14 Juli 2000 dipindahake menyang Monumen Perjuangan ing Désa Ngoto, Bantul, Yogyakarta.

Rujukan

Kapustakan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.