From Wikipedia, the free encyclopedia
Sarékat Yésus (Latin: Societas Iesu), biyasa dikenal minangka Yésuit utawa Jésuit ya iku ordo Gréja Katulik Roma. Sarékat iki diadegaké ing taun 1534 déning seklompok mahasiswa pascasarjana saka Universitas Paris kanca-kancané Iñigo López de Loyola (Ignatius Loyola). Wong-wong iki ngangkat sumpah bakal nerusaké kekancan sawisé rampung pasinanon, urip sajeroning kamlaratan miturut Injil lan ngayahi misi ing Yerusalem. Golongan iki nyebut awaké dhéwé minangka amigos en el Señor — sobat-sot ing sajeroning Allah. Ana ing Indonésia Yesuit dadi pelopor kanggo pakaryan misi ana ing tlatah nuswantara. Nanging, saiki pakaryan para Yesuit luwih akèh ana ing Jawa, mligi ana ing Keuskupan Agung Semarang lan Keuskupan Agung Jakarta.
Artikel iki butuh cathetan sikil kanggo pamesthèn. Sampéyan kena mbiyantu ndandani artikel iki kanthi nambahaké cathetan sikil saka rujukan sing pinercaya. Pérangan sing tanpa rujukan bisa dibusak sawayah-wayah. |
Cithakan:Ordho-ordho Katulik
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.