Wong Lémko
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Lémko (Ukrainian: Лемки, basa Polandia: Łemkowie, Lemko: Лемкы, translit. Lemky; kang. Лемко, Lemko) salah siji subètnis kang laladané cilik lan cacah jiwané sithik. kang ndunungi wewengkon kang nyrambahi Pagunungan Karpathia kang karan Lemkivshchyna. Akèh wong Lemkos nganggep golongané iku cawang wong Ukrainia.
| |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
---|---|
Ukraina | 672[1] |
Polen | 11,000 (census, 2011)[2] |
Slowak | 55,469[3] |
Basa | |
basa Rusyn, basa Ukraina, Polski | |
Agama | |
Akèh-akèhé Katulik Yunani Ukraina utawa Ortodoks, kanthi Katulik Roma minoritas | |
Golongan ètnik magepokan | |
wong Boyko, wong Hutsul |
Basa tuturé kang durung kakodhifiksi asring dianggep basa swatantra,[butuh sitiran] dhialèké Rusyn, utawa sawijiing dhialèk ing basa Ukraina Ukrainian. Ing Ukraina amèh kabèh wong Lémko nyaturaké basa Ukraina, miturut Sènsus Ukraina ing taun 2011.[4]
Ing Sènsus Polen taun 2011, ana 11.000 wong kang mbiwara yèn dhiriné bangsa Lémko, saka wong-wong iku ana 6.000 wong kang mbiwara yèn dhèwèké amung bangsa Lémko, lan 4.000 wong mbiwara yèn dhèwèké nduwé kabangsan rangkap – Lémko-Polen, lan 1.000 wong mbiwara kabangsan Lémko bebarengan karo kabangsan non-Polen.[2]