![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/58/Bunjevac_girl_in_Hungary.jpg/640px-Bunjevac_girl_in_Hungary.jpg&w=640&q=50)
Wong Bunyèvsi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Bunyèvsi (Pangucap cara Sèrbo-Kroasia: [bǔɲeːʋtsi] or [bǔːɲeːʋtsi]) ya iku golongan ètnis kang akèh-akèhé ndunungi wewengkon Bačka ing Sèrbi (provinsi Vojvodina) lan Honggari Kidul (wewengkon Bács-Kiskun, mligi ing wewengkon Baja). Wong-wong iki bokmenawa asalé saka Hèrsegowina, kang banjur migrasi menyang Dalmatia, lan saka kana ngalih menyang Lika lan Bačka ing abad angka 16 lan angka 17. Wong Bunyèvsi kang manggon ing Bosnia lan Hèrsegowina dalah ing Kroasia saiki ing wektu iki nguri-uri jejuluk mangkono mligi minangka jatidhiri étno-régional tur asring ngaggep golongané minangka wong Kroasia.
![]() Wanita Bunyèvsi ing Honggari | |
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(Ora dingertèni; bebrayan ing Sèrbi mbiwara yèn dhèwèké kagolong wong Bunjevci utawa wong Kroasia) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Sèrbi | 16.706 (sènsus 2011) |
Honggari | udakara 1.500 (sènsus 2001) |
Basa | |
Sèrbo-Kroasia (dhialèk Bunyèvsi) | |
Agama | |
Katulik Roma | |
Golongan ètnik magepokan | |
Wong Slav Kidul liyané |
Wong Bunyèvsi nggilut Katulik Roma lan nyaturaké basa Sèrbo-Kroasia adhialèk Ikav kang duwé karakteristik arkais. Nalika abad angka 18 lan angka 19, golongan iki kapétung cukup akèh cacah jiwané ing Bačka Lor, nanging akèh kang nuli caruban karo wong Honggari.