From Wikipedia, the free encyclopedia
Prabu Matswapati iku raja binathara ing nagara Wiratha.[1][2] Nagara Wiratha iku nagara tuwa dhéwé ing jaman Purwa.[1] Prabu Matswapati nduwé anak papat: Radèn Seta, Radèn Utara, Radèn Wratsangka, lan sing wadon Dèwi Untari. Ing perang Bharatayudha kabèh anak lanangé mati, déné Dèwi Untari dipèk bojo déning Radèn Angka Wijaya.[1] Prabu Matswapati tresna banget marang kulawarga Pandawa.[1][2] Ing perang Bharatayudha, dhèwèké mbéla Pandawa.[1] Dhèwèké didadèkaké nayaka déning Pandawa.[1] Prabu Matswapati punika asma enemipun inggih punika Durgandana. Ning carita wayang dicaritakke yèn Prabu Matswapati iku jeneng enom e ya iku Durgandana.
Prabu Matswapati duwé mripat keddondongan, duwé jénggot.[1] Prabu Matswapati nganggo makutha kang wanguné tropong. Godhègé tumpuk telu, mlengkung mengguri.[1] Nganggo gelang lan pontoh.[1] Nggunakaké kroncongan lan bokongan raton.[1]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.