![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/54/Wikipedia-logo-v2-jv-java.svg/langjv-640px-Wikipedia-logo-v2-jv-java.svg.png&w=640&q=50)
Wikipédia basa Jawa
Wikipédia èdhisi basa Jawa / From Wikipedia, the free encyclopedia
Wikipédia basa Jawa (Carakan: ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮ) iku gagrag basa Jawa bauwarna gumathuk Wikipédia. Artikel utawa léma kapisané yaiku Basa Jawa, kang ditulis ing tanggal 8 Maret 2004[1]. Tekan saiki (8 Maret 2024), wis ana 72.985 artikel ing Wikipédia basa Jawa.
ꦗꦮ |
![]() |
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
Sunyata Rikat Jinising situs, Ana ing basa ...
![]() ![]() | |
![]() Screenshot Wikipédia basa Jawa ing tanggal 1 Mèi 2021 | |
Jinising situs | Bauwarna online |
---|---|
Ana ing basa | Basa Jawa |
Kang duwé | Yeyasan Wikimedia |
Situs jaringan | jv |
Dagang | Ora |
Règistrasi | Manasuka |
Kababar | 8 Maret 2004 |
Tutup
Wikipédia basa Jawa lumrahé mèlu paugeran-paugeran Wikipédia basa Inggris lan Wikipédia basa Indonésia. Ing Wikipédia basa Jawa kabèh artikel uga kudu ditulis mawa Wikipédia:Cara ndeleng nétral utawa ing basa Inggris diarani Neutral Point of View.
Kaistiméwan Wikipédia basa Jawa yaiku akèh ngamot artikel-artikel bab prakara Kajawèn, mligi bab basa, sastra lan budaya Jawa.