![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/4b/TwinGirls.jpg/640px-TwinGirls.jpg&w=640&q=50)
Watak
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bab kagunaan liya saka Kembar, wacanen Kembar (disambiguasi).
Manungsa iku duwé 'watak' kang warna-warna. ana sing senengane nesu, bebungah, lan liya-liyané. kabèh mau minangka yèn manungsa iku indhividhu sing unik. nanging, miturut pananggalan Jawa wataking manungsa bisa kadelok miturut tanggal kelairane.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/4b/TwinGirls.jpg/320px-TwinGirls.jpg)
Watake Manungsa miturut Tanggal Jawa Kalairane miturut pananggalan Jawa, karsaning para Wali, wataking wong lair iku manuta tanggal. warna-wernaning watak mau ya iku:
- Wong lair tanggal sapisan, agedhe piyangkuhe, nanging gedhé begjane, yèn kesandhung babar pisan, wurung dadi unusaning wong.
- Wong lair tanggal kaping pindho, sugih sanak, sugih mitra, sugih anak, bebudene pilih kasih, semu lengus pikire alon.
- Wong lair tanggal telu, sumeh prasaja, yèn kaku gelis lejare, golongane kakon aten, nanging gumati maring batur.
- Wong lair tanggal kaping papat, wegig amicara, akèh pikire ingkang becik, lan elingan samubarang karya.
- Wong lair tanggal kaping lima, amicara nanging mara tangan, mara cangkem, nanging loma ing bojakrama, resikan tani pikire.
- Wong lait tanggal kaping 6, busuk samubarang pikir, carobo sabarang kang ginarap, kesed marang panggaweyan iku elinga.
- Wong lair tanggal kaping 7, wegig amicara limpad, nanging rada pareng marang wong wadon, ingjkang ala pikire saru, iku elinga saru.
- Wong lair tanggal kaping 8, sugih étung ala becik, sugih sadulur lan rukun, sabarang pikire becik.
- Wong lair tanggal akaping 9, kakon aten panas baranan, nanging gelis lejar, lumrah pikire, lila oing samubarang.
- Wong lair tanggal kaping 10, iku pepet sumber lalen, nanging wegig pikire, dhemen kena wadul ala becik anggugu.