Werna wèb
werna kang dipigunakaké nalika ngerancang kaca web / From Wikipedia, the free encyclopedia
Werna wèb ya iku warna-warna kang dipigunakaké sajeroning ngrancang kaca wèb, lan uga cara ndèskripsèkaké lan spesifikasi saka warna-warna mau.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/88/Color_Palette.png/220px-Color_Palette.png)
Perancang wèb duwé kabébasan sajeroning milih warna kang bakal minangka èlemèn-èlemèn dhokumèn wèbé. Werna-warna kang dimaksud bisa dispesifikasèkaké nganggo triplet RGB sajeroning format heksadesimal (karan uga minangka triplet heksadesimal). Cara liya ya iku kanthi ngarujuk warna-warna mau nganggo jenengé sajeroning basa Inggris, nanging cara iki mung wates kanggo warna kang wis dikenal utawa dirumusaké. Kanggo variasi-variasi warna liya lumrahé dipigunakaké piranti lunak grafik utawa perkakas warna. Ing sisih tengen iki conto sawijining palet warna kang dumadi saka 2048 warna.