Viètnam
naga ing Asia Kidul-Wétan / From Wikipedia, the free encyclopedia
Viètnam utawa resminé Républik Sosialis Viètnam iku siji nagara ing Asia Kidul-Wétan dharatan. Nagara iki ing sisih lor mawatesan karo Républik Rakyat Cina, karo Laos (nagara) ing sisih lor-kulon, karo Kamboja ing sisih kidul-kulon lan karo Sagara Cina Kidul ing sisih kulon. Nagara iki kang ndunungi 85 yuta jiwa. Nagara iki sajatiné ciyut dawa mawa pasisir ing sisih kulon, jembaré 331.689 km2. Viètnam kutha krajané yaiku Hanoi.
Sunyata Rikat Cộng Hòa Xã Hội Chủ Nghĩa Việt Nam, Kuthagara ...
Cộng Hòa Xã Hội Chủ Nghĩa Việt Nam | |
---|---|
Motto: Độc lập, tự do, hạnh phúc (Vietnam: "Kamardhikan, Kabebasan, Katentreman") | |
Gunagita: Tiến Quân Ca | |
Kuthagara | Hanoi |
Brehakutha | Hồ Chí Minh City |
Jawatbasa | Vietnam |
Papréntahan | Nagara kuminis |
• Présidhèn | Nguyễn Xuân Phúc |
• Nayakotama | Phạm Minh Chính |
• Sekretaris Jendral | Nguyễn Phú Trọng |
• Ketua Parlemen | Nguyễn Sinh Hùng |
Kamardhikan saka Prancis | |
• Banyu (%) | 1,3% |
Population | |
• Pikira-kira 2005 | 85.238.000 (13) |
• Cacahjiwa 1999 | 76.323.173 |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2005 |
• Gunggung | US$251,8 miliar (36) |
• Saben wong | US$3.025 (123) |
Artacihna | Đồng (VND) |
Laladan wektu | UTC+7 |
Nyetir ing | tengen |
Kodhé bèl | 84 |
TLD internèt | .vn |
Tutup
Ing taun 2006 nagara iki nduwé patuwuhan ékonomi kang dhuwur dhéwé ing Asia Kidul-Wétan. Patuwuhan GDP-né 8,17%.