![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/c8/Kuniyoshi_Station_38.jpg/640px-Kuniyoshi_Station_38.jpg&w=640&q=50)
Urashima Tarō
From Wikipedia, the free encyclopedia
Urashima Tarō (浦島太郎, Urashima Tarō?) punika legenda Jepang babagan satunggaling warigaluh anama Urashima Tarō [1]. Piyambakipun dipunundhang dhateng Astana sagara (Pura Ryūgū) bibar nylametaken bulus. Urashima Tarō piyambak punika ateges "laré jaler saking pulo" [2].
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/c8/Kuniyoshi_Station_38.jpg/320px-Kuniyoshi_Station_38.jpg)
Wonten ing cathetan sajarah Provinsi Tango (Tango no kuni fudoki) wonten carita kanthi irah-irahan Urashima no ko (浦嶼子, Urashima no ko?)[pranala mati permanèn], nanging nyariosaken bidadari cacah wolu ingkang mandhap saking langit. Kajawi punika, kisah Urashima Tarō mau ing Nihon Shoki lan Man'yōshū[3]. Carita ingkang sapunika dipunkenal tiyang kalebet versi Otogizōshi asal saking jaman Muromachi. Kados kathahipun carita rakyat, manéka tlatah ing Jepang gadhah carita versi piyambak babagan Urashima Tarō.
Pagesangan Urashima Tarō ing Astana Laut kados dipuncariyosaken ing Otogizōshi dipunanggep trep tumrap laré-laré, saéngga dipuntugel nalika dados carita laré. Nalika taun 1910, Kementerian Pendidikan Jepang mlebetaken carita Urashima Tarō dhateng buku teks resmi kanggé murid kelas 2 Sekolah Dasar lajeng tetep wonten ing buku teks 40 taun.[3]