Universitas Sebelas Maret
From Wikipedia, the free encyclopedia
Universitas Sebelas Maret (Jawa: ꦦꦮꦶꦪꦠꦤ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦯꦼꦧꦼꦭꦱ꧀ꦩꦉꦠ꧀) utawi kacekak UNS, punika satunggiling universitas nagari ingkang dumunung wonten ing kutha Surakarta Hadiningrat penerè ing dalah Ir. Sutami No. 36 A, Jebrès, Sala. UNS minangka pawiyatan luhur sing diwangun ing dina Kemis Kliwon tanggal 11 Maret 1976. Nalika iku, jeneng pawiyatan iki Universitas Negeri Surakarta Sebelas Maret lan diresmikaké dening prèsidhen nomor loro Indonésia mangsa kuwi ya iku Prèsidhen Soeharto. Ananging nalika taun 1982 adhedhasar Keputusan Presiden RI No. 55 Tahun 1982, kampus iki ganti jeneng dadi Universitas Sebelas Maret lan panggah nganggo cekakan UNS. Pawiyatan luhur iki mapan ing kulon Kebon Kewan Jurug lan diarani green campus amarga akeh wit-witan.
Universitas Sebelas Maret | |
---|---|
Rèktor | Prof. Dr. Jamal Wiwoho, SH, M.Hum |
Lokasi | Surakarta, Jawa Tengah |
Situs web | www.uns.ac.id |