![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/e5/Toronto_Downtown_Core_at_Night.jpg/640px-Toronto_Downtown_Core_at_Night.jpg&w=640&q=50)
Toronto
From Wikipedia, the free encyclopedia
Toronto punika kitha paling ageng ing Kanada lan minangka kitha krajan provinsi Ontario. Populasi Toronto watawis 2.518.772 (perkiraan taun 2004); lan ingkang wonten ing Tlatah Toronto Raya (GTA) inggih punika 5.715.386 (2004).
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/e5/Toronto_Downtown_Core_at_Night.jpg/640px-Toronto_Downtown_Core_at_Night.jpg)
Padunung Toronto dipunwastani Torontonian. Toronto punika pérangan saking tlatah Golden Horseshoe Ontario, wewengkon ingkang padunungipun kathah, watawis pitung yuta. Saprotigan sing ndunungi Kanada manggèn wonten ing tlatah ingkang dunungipun 160 km saking Toronto, lan watawis saproenem pedamelan ing Kanada dumunung wonten ing mriki. Asal usul sing ndunungi Kanada inggih punika tiyang Britania, Irlandia, Italia, lan Tionghoa. Grup ingkang langkung alit inggih punika tiyang Portugis, Yunani, India lan Karibia.