Torino
From Wikipedia, the free encyclopedia
Torino (basa Italia: Torino, basa Inggris: Turin) iku kutha perindustrian, kalebu pusat bisnis lan kabudayan ing pérangan kulon-lor Italia, kutha krajan region Piemonte lan dumunung ing pinggir kulon Kali Po. Populasi kutha ya iku 908.000 (sensus 2004), banjur nambah dadi 1,7 yuta sing ndunungi, nanging wewengkon metropolitané sing ndunungi watara 2,2 yuta.
Torino misuwur minangka panggonan dunungé Kain Kafan saka Turin kang disimpen ing Katedral Santo Yohanes Pembaptis. Torino nduwé loro klub bal-balan kang misuwur, Juventus lan Torino Calcio. Liyané iku, Torino uga minangka panggonan markas perusahaan otomotif FIAT. Torino uga dadi tuan rumah Olimpiade mangsa anyep Torino 2006 lan Universiade Mangsa anyep 2007.
Jaman biyèn Torino tau dadi kutha krajan pisanan Italia.