Tlaga Témpé
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tlaga Tempe inggih punika tlaga ingkang panggènanipun wonten ing kilènipun Kabupatèn Wajo, leresipun ing Kacamatan Témpé, kirang langkung 7 km saking Kitha Sengkang ing pinggir Kali Walanae.[1] Tlaga Témpé ingkang ambanipun kirang langkung 13.000 hektar punika gadhah spésies ulam banyu tawa ingkang sampun arang dipunpadosi wonten panggènan sanès.[1] Amargi tlaga punika panggènanipun wonten ing nginggilipun lèmpèngan bawana Australia lan Asia.[1]