From Wikipedia, the free encyclopedia
Muhammad Taufik Kiemas angsal gelar Datuk Basa Batuah langkung kawentar kaliyan asma Taufik Kiemas (lair ing Jakarta, 31 Dhésèmber 1942 – pati ing Singapura, 8 Juni 2013 ing umur 70 taun) inggih punika pulitikus Indonésia. Panjenenganipun njabat dados Ketua MPR RI kalamangsa 2009–2014, nanging nalika mangsa kalungguhan, panjenenganipun ninggal dunya (8 Juni 2013). Taufiq Kiemas punika garwa saking Présidhèn ke-5 Républik Indonésia, Megawati Soekarnoputri.
H. Muhammad Taufik Kiemas | |
---|---|
Barkas:Ketua MPR Taufiq Kiemas.jpg | |
Ketua Majelis Permusyawaratan Rakyat 12 | |
Linggih 1 Oktober 2009 – 8 Juni 2013 | |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Kang sadurungé | Hidayat Nur Wahid |
Kang sawisé | Sidarto Danusubroto |
[[Bapak Nagara Indonésia]] 5 | |
Linggih 23 Juli 2001 – 20 Oktober 2004 | |
Présidhèn | Megawati Soekarnoputri |
Kang sadurungé | Hj. Shinta Nuriyah Wahid |
Kang sawisé | Hj. Ani Yudhoyono |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Jakarta, Masa Pendudukan Jepang | 31 Dhésèmber 1942
Pati | Juni 8, 2013 70) Singapura | (umur
Pakuburan | Taman Makam Pahlawan Kalibata |
Bangsa | Indonésia |
Parté pulitik | PDI Perjuangan (PDI-P) |
Sisihan | Megawati Soekarnoputri |
Anak | Puan Maharani |
Wong tuwa | Tjik Agus Kiemas dan Hamzathoen Roesyda |
Almamater | SMA Negeri 2 Palembang |
Agama | Islam |
Taufiq Kiemas miwiti karier pulitik nalika wonten ing bangku mahasiswa, panjenengnipun mlebet GMNI. Sasampunipun panjenenganipun ugi tumut sarta wonten ing Partai Demokrasi Indonésia ugi kapilih dados anggota DPR/MPR-RI nalika taun 1992. Salaminipun mangsa Orde Baru, karier pulitikipun asring dikebiri déning pihak ingkang gadhah kuwasa. Karier pulitikipun wiwit sukses nalika rezim Soeharto lengser. Nalika pemilu 1999, Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan (PDI Perjuangan) dados juwaranipun. Kamenangan punika ndadosaken garwanipun dados Wakil Présidhèn lajeng dados Présidhèn Indonésia kaping gangsal.
Panjenenganipun ingkang dados tokoh wigati wonten ing parté punika naté dipundhapuk dados Ketua Dewan Pertimbangan Pusat (Deperpu). Panjenenganipun uga naté kapilih dados anggota DPR kalamangsa 2009–2014 saking PDI-Perjuangan kanggé Laladan Pemilihan Jawa Barat II.
Panjenenganipun ingkang kawentar dados pulitikus, asring mlebet wonten ing seratan buku. Kadosta buku seratan saking Derek Manangka ingkang irah-irahanipun Jurus Dan Manuver Pulitik Taufiq Kiemas: Memang Lidah Tidak Bertulang ingkang sampun diterbitaken nalika taun 2009.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.