From Wikipedia, the free encyclopedia
Taman Warisan Melayu (Inggris: 'Malay Heritage Center', Tyonghowa Prasaja: 马来传统文化馆) iku sawijining punjer kabudayan lan muséum ing Singapura sing mamèraké budaya, warisan, lan sajarah Wong Singapura Melayu. Papan iki dunungé ana ing Sultan Gate ing Kampong Gelam lan ambané ana 8.000 m2. Taman Warisan Melayu diresmèkaké tanggal 27 Novèmber 2004.
Gedhong iki biyèn Istana Kampong Gelam utawa Kedhatoné Sultan, lan bagéan saka komplèks gedhé sing nganti tekan Beach Road frontage lan uga diarani Sultan Gate wiwit taun 1950-an. Yayasan Warisan Melayu (Malay Heritage Foundation), diadegaké tanggal 28 Juli 1999, miwiti proyèk rèstorasi gedhé Istana Kampong Gelam taun iku. Gedhong iki banjur dibuka manèh taun 2004 sawisé kabèh gawéan rénovasi rampung.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.