Térong
From Wikipedia, the free encyclopedia
Térong iku tetuwuhan kang kagolong sajeroning kulawarga Solanaceae lan génus Solanum. Térong wujud tetuwuhan asli India lan Sri Lanka, lan gegandhèngan rapet karo tomat lan kenthang. Wohé biyasa kanggo janganan kanggo masakan. Jeneng botaniné Solanum melongena.
Eggplant | |
---|---|
Woh térong thukul ing wité | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Asterids |
Ordho: | Solanales |
Famili: | Solanaceae |
Génus: | Solanum |
Spésies: | S. melongena |
Jeneng binomial | |
Solanum melongena L. | |
Sinonim | |
Solanum ovigerum Dunal |
Térong iku tetuwuhan ijo kang kerep ditandur kanthi taunan. Tuwuhan iki tuwuh tekan 40–150 cm (16-57 inci) dhuwuré. Godhongé gedhé, kanthi lobuslobus kang kasar. Ukurané 10–20 cm (4-8 inci) dawané lan 5–10 cm (2-4 inci) ambané. Jinis-jinis setengah alasan luwih gedhé lan tuwuh dhuwuré nganti tekan 225 cm (7 kaki), kanthi godhong kang nguwihi 30 cm (12 inci) lan 15 cm (6 inci) dawané. Batangé racaké ana eriné. Werna kembangé antara putihputih nganti ungu|ungu, kanthi makutha kang duwé limang lobus. Benang sariné warna kuningkuning. Woh terong ana isiné, kanthi dhiameter kang kurang saka 3 cm kanggo kang alasan, lan luwih gedhé manèh kanggo jinis kang dibudidayakaké.
Saka segi botani, woh kang dikelasaké minangka beri ngandhut akèh wiji kang cilik lan lembut. Wiji iku éntuk dipangan nanging rasané pait amarga ngandhut alkaloid nikotin. Iki ora ngéramaké amarga térong iku sadulur ceraké mbako.