![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/cb/Tea_leaves_steeping_in_a_zhong_%25C4%258Daj_05.jpg/640px-Tea_leaves_steeping_in_a_zhong_%25C4%258Daj_05.jpg&w=640&q=50)
Tèh
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tèh (basa Cina: 茶, Chá), iku ombénan tein. Yoiku salah siji infusi kang kagawé saka godhong garing semak Camellia sinensis kanthi banyu panas. Ing basa Cina Amoy diarani Te kang tegesé tèh. Basa nasional Cina tembung tèh yaiku Cha. Yèn ing basa Inggris tèh diarani tea. Akèh wong kang seneng ngombé tèh anget utawa panas. Kadhangkala diwènèhi gula. Teh kang kagawé saka tuwuhan tèh dipérang dadi 4 (patang) golongan: tèh ireng, tèh oolong, tèh ijo, lan tèh putih.
Aksara Latin |
![]() Tèh ijo ing Chinese gaiwan | |
Tipe | minuman panas utawa anyes. |
---|---|
Negara asal | Cina |
Wiwit digawé | watara abad kaping 10 sadurungé Masèhi.[1] |
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d4/Tea_soothingr.jpg/640px-Tea_soothingr.jpg)
Istilah "tèh" uga dipigunakaké tumrap ombènan kang kagawé saka woh-wohan, bumbon crakèn utawa tuwuhan obat liya kang diseduh, kaya ta, tèh rosehip, camomile, krisan lan Jiaogulan. Tèh kang ora ngandhut godhong tèh ingaran tèh hèrbal.
Tèh minangka sumber alami kafein, teofilin lan antioksidan kanthi kadar lemak, karbohidrat utawa protéin amèh ngancik nol persèn. Tèh yèn diombé krasa rada pait malah dadi ciri sedhepe ngombé tèh.
Tèh kembang kanthi campuran kuncup kembang mlathi kang mau tèh mlathi utawa tèh wangi mlathi dadi tèh kang populèr ing Indonésia[2]. Konsumsi tèh ing Indonésia watara 0,8 kilogram per kapita per taun isih adoh ing sangisoré nagara-nagara liya ing donya, sanadyan Indonésia kagolong nagara kang ngasilaké tèh paling akèh nomer lima ing donya.[3]