![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/ff/Sura28.pdf/page1-640px-Sura28.pdf.jpg&w=640&q=50)
Surat Al Qashash
From Wikipedia, the free encyclopedia
Surah Al-Qasas (Arab: القصص ,"Carita-Carita") punika surah angka 28 ing al-Qur'an. Surah punika dipun-turunaken ing Makkah sasampunipun Surat An-Naml lan kasusun saking 88 ayat. Surahpuniki dipunwastani surah Al-Qasas amargi mendhet dan terdiri dari 88 ayat. Irah-irahan Al-Qasas dipun-pendhet saking tembung ing ayat 25 ingkang tegesipun::
al-Qasas القصص | |
---|---|
![]() | |
Informasi | |
Makna | Carita-Carita |
Nami sanès | Musa |
Klasifikasi | Makkiyah |
Surat ka | 28 |
Juz | Juz 20 |
Statistik | |
Gunggung ruku' | 9 ruku |
Gunggung ayat | 88 ayat |
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/9e/Surat_28_ayah_88-29_ayah_1_folio.jpg/320px-Surat_28_ayah_88-29_ayah_1_folio.jpg)
"Banjur salah satunggiling saking tiyang èstri kakang-adhi sakloron punika dumugi kanthi langkah lingsem sinambi matur: Sayektinipun rama kawula manggihi panjenengan kanggé males budhi panjenengan maringi toya kéwan raja-kaya kawula. Mila nalika Musa dumugi pinanggihan lan atur cariyos-cariyos lelampahan ingkang sampun dipun-lakèni, tiyang sepuh punka ngendika:'Aja sliramu mangu, sliramu wis slamet saka wong-wong zalim iku."
Surah punika katurunaken sasampunipun kaum muslimin taksih dèrèng kiyat nalika taksih dipunkuya-kuya kaliyan tiyang-tiyang Musrikin Mekah ing cekel panguwaosan lan urip mubra-mubru. Mila, Allah nurunaken surah punika dados pangèling tumrap riwayatipun Nabi Musa saking Pirngon ingkang kejem lan kaméwahipun Qarun sarta maringi janji kanggé kajayan Muhammad ing tembé.